YUDHAKALA KRESNA MUSNA
Adem ayem kaya wonten ing swarga, swarga ingkang dados papan panggon pangayoming para dewa-dewa lan para Bathara. Kahyangan Junggring Salaka aranipun, bubrah papan panggon pangayoming para dewa kang awujud kahyangan menika dadi segara geni kados neraka nalika katekanan mungsuh saka Negara Dwarayudha. Gustinipun menika Prabu Kudhakala Kresna ingkang gadahi wujud buta ananging badane wujud jaran.
Prabu Kudhakala Kresna ngutus patihe Yudhakala Kresna mendhet alih kekuasaan kahyangan Junggring Salaka kanthi peksa. Prabu Kudhakala Kresna ngendika marang patihe mengkene :
“Patih Yudhakala Kresna ing kahyangan Junggring Salaka kok sajake endah temen, aku kapingin dadi ratu ing kahyangan mengkana.”
“Inggih kula sinuwun prabu, kula derekaken sinuwun” patih Yudhakala Kresna mangsuli. Patih Yudhakala Kresna lajeng dateng wonten ing kahyangan ngrebut kanthi peksa saking Bathara Guru. Anangin Bathara Guru boten purun maringaken kahyangan lajeng nglawan, ingkang dipun biyantu para dewa-dewa, nanging boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna, amergi boten ahlinipun perang.
“whahaa,,,he ha,, saiki aku kapingin manggon ana ing kahyangan kene.” Yudhakala Kresna gemboran wonten ing Kahyangan.
“weheh ! karep-mu apa ? jelas nyata kahyangan dudu duwek-mu ! wani-wanine ngomong sak penake ususmu ! kowe sapa heh !” Bethara guru pitaken nadane radi inggil.
“Wis rausah kakean omong ! aku patih Yudhakala Kresna saka Negara Dwarayudha, kene lawan aku ! whaha,,, “ Yudhakala mangsuli,
“Nyoh tampanano ! “ Bathara Guru ngajar Yudhakala
“waha, apa ora bisa luwih banter sithik anggonmu njotos awakku heh ! saiki ganti aku, nyoh ki tampanano !” Yudhakala Kresna lajeng nyerang Bathara Guru
“Kurang ajar kowe Yudhakala, nyoh rasakna ! “ Dewa-dewa biyantu Bathara Guru nglawan Yudhakala. Ananging dewa-dewa wau boten saged ngalahaken patih Yudhakala Kresna.
“whaha ora krasa ! hiaah,,,, ki rasakno ! wis kana sumingkira. whahahaaa,,,, “ Yudhakala saged ngalahaken Bethara Guru kaliyan para dewa menika. Lajeng Bathara Guru ngutus Bathara Narada rawuh wonten ing Mandura nyuwun tulung kaliyan Narayana supados saged ngusir mungsuh kang kapingin ngrebut kahyangan Junggring Salaka.
“Bathara Narada, kula nyuwun tulung panjenengan saged sowan ing Mandura, pados Narayana supaya saged biyantu kahyangan kang wis mosak-masik kaya segara geni amergi polahe Yudhakala Kresna “ Bathara Guru ngutus Bethara Narada.
“Nun inggih sinuwun sumadhung dhawuh pikulun” Bathara Narada mangsuli, lajeng tindhak wonten ing Mandura .
Sakdugine wonten ing Mandura, Bathara boten ningali Narayana,nanging wontene namung prabu Baladewa kaliyan Praguta dipun leremaken pikirane ingkang saweg nandhang sungkawa amergi Narayana kesah boten pamit kaliyan prabu Baladewa, lan boten wonten ingkang mangertos kesahipun Narayana, lajeng prabu Baladewa makili Narayana. Lajeng Bathara Narada madosi Narayana.
“Kula nuwun pekulun nalika putra. Sarawah paduka kula ngaturaken pambagya sembah sungkem kula kunjuk padukan Sang Hyang Narada.” Atur sembah saking Baladewa dateng Bethara Narada nalika Bethara Narada rawuh wonten ing Mandura.
“iya ngger, iki aku teka ing Mandura iki ngemban dhawuh saka sang Hyang Guru arep jaluk tulung marang Narayana supaya bisa kiineng ngendhak napsu murkaning prabu Kudhakala Kresna sapatihe.” Bathara Narada rawuh ngemban dawuh saking Bathara Guru.
“Kula nuwun sewu pekulun Narada, wekdhal menika rayi kula Narayana boten seba, saha piyambakipun sampun dangu kesah saking Mandura boten pamit.” Baladewa mangsuli Bathara Narada.
“Ngger Baladewa, yen nganti Narayana ora ketemu, kelakon dijak-jakan para buta Dwara kana ngger” Bathara Narada sedih
“Pekulun Narada, menapa sekinten wonten paduka menawi paduka kula wakili pekulun” Baladewa nawaraken usulan.
“Yen pancen ngana, awit asmane adhi guru ulun paring panrima kasil marang lukita Baladewa.” Bathara Narada setuju saha dongakaken Baladewa.
“Nun inggih Pekulun, matur sembah nuwun.” Wangsulanipun Baladewa
”Yen ngono aku tak goleki Narayana ngger” Bathara Narada lajeng madosi Narayana.
Lajeng Prabu Baladewa ngutus Praguta lan Perbawa nyiapaken prajurit dherek prabu Baladewa wonten ing gunung Jambul Dipa.
“Hei Praguta tumuli kirabna para prajurit Mandura melu aku pratelan ing gunung Jampul Dipa. Patih Perbawa, Sira Kondhang pinter ngatur barisan perang, mula murih aja nguciwaning sakabehe .” Baladewa ngutus Praguta kaliyan patih Perbawa.
“Nun inggih gusti kanjeng sinuwun” wangsulanipun Praguta kaliyan patih Perbawa.
wonten ing ngrika prabu Baladewa sumerep wonten wanara ingkang madosi Narayana, titisanipun Bathara Wisnu saha Bathara Guru.
“Loh kae ana wanara kok genep temen tata kramane, jenengmu sapa ?” Baladewa pitaken
“Kula Anoman, kula badhe sowan wonten ngarsanipun raden Naryana.” Anoman mangsuli.
“Anoman, wektu iki rayiku Narayana lagi lunga tanpa pamit, padahal wektu iki Narayana kudu nylametake kahyangan Junggring Salaka saka Yudhakala Kresna.” Ngendhikanipun Baladewa.
Lajeng Anoman dipun ajak majeng perang dening prabu Baladewa, mungsuh Yudhakala Kresna kang arep ngrebut kahyangan Junggring Salaka. Banjur padha mlampah wonten ing kahyangan.
Wonten ing ngrika Yudhakala saweg gineman kaliyan Togog lan Mbilung , lan wonten ing ngrika Yudhakala Kresna dipun aturi menawi mangkeh bakal dipun lawan Baladewa, Yudhakala boten gadhah ajrih ananging malah nantang.
“kanjeng, Panjenengan mangkeh mungsuh kaliyan Baladewa kanjeng.” Togog matur patih Yudhakal Kresna.
“Minggira aku ora wedi, ndi mungsuhku ? majua mrene ! “ Ngendhikane Yudhakala Kresna.
Boten dangu prajurit-prajuritipun Prabu Baladewa lajeng nyerang Yudhakala Kresna, nanging prajurit-prajurit wau boten saget ngalahake Yudhakala Kresna. Akhire prabu Baladewa, Anoman ingkang ngadapi Yudhakala Kresna, praguta kaliyan Perbawa ngadepi Yudhakala Kresna.
“Nyoh iki tadahana !” Antemane Baladewa, Anoman ugi Praguta kaliyan Patih Perbawa boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna.
Wonten ing sanes wekdal Permadi kaliyan Semar sumerep wonten pertapa ingkang lumpuh dawah saking langit asmanipun Leladi Mangsa, lumpuhe wau saged dipun pulehaken dening Permadi, Leladi Mangsa menika wau boten sanes inggih menika Narayana.
“ Dimas Permadi, Satemene kang membo dadi wong lempoh iku aku Narayana.” Ngendhikanipun Narayana.
Boten dangu Bathara Narada wonten ing ngrika lan akhire sumerep si Narayana, lajeng sanjang menawi angsal amanat saking Bathara Guru nyuwun tulung dening Narayana supados nylametaken kahyangan Junggring Salaka.
“Wealah putuku Narayana, iki kowe intuk utus saka Bathara Guru ngalahake mungsuh kang wis obrak-abrik kahyangan” Ngendhikanipun Bethara Narada. Wonten ing ngriku Narayana kaliyan Permadi dipun bekali pusaka cacahe kalih.
“Iki keparingan pusaka saka Adhi Guru cacahe lara, siji kreta kencana kang arane kyai Jala Dara karo bende kang arane kiyai Panca Janyo, bende iku yen di tabuh swarane bisa gawe mungsuh dadi lemes lan ora bisa berkutik.” Ngendhikanipun Bathara Narada.
Lajeng Narayana kaliyan Permadi mlampah, wonten ing kahyangan nitih kreta kencana wau. Wonten ing tengah margi Yudhakala Kresna sumerep wonten tiyang kang nitih kreta kang saged mabur, inggih menika kreta kencana kang dipun titih Narayana kaliyan Permadi. Narayana kaliyan Permadi wau ngedhang Yudhakala Kresna munggah wonten ing kahyangan.
“Ana satriya kulit cemnik mudun saka kreta,sapa kowe?” Yudhakala pitaken.
“Aku Narayana kang dadi dewa kematianmu. Nyoh tampana” Wangsulanipun Narayana. Lajeng perang kaliyan Yudhakala Kresna.
“Wehaha hayo maju manih, antemanmu rasane ora luweh kaya kapuk, weahaa,,,” Yudhakala Kresna gemuyu. Banjur Permadi nabuh bende kyai Panca Janyo kang bisa ngluluhake mungsuh, Yudhakala Kresna dados lemes.
“lhoh-lhoh, gene ki awakku kok rasane ora duwe daya kaya ngene?” Yudhakala krasa bingung menapa badanipun lemes. Narayana lajeng ngajar Yudhakala Kresna.
“ Nyoh tampanana !” Narayana nyerang Yudhakala Kresna.
“heh aduuhhh hahh hoooooohh,,” Yudhakala wis ora awujud malih. Akhire Yudhakala Kresna bisa dipun kalahaken dening Narayana,akhire Yudhakala Kresna bisa dipun musnakaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar