Selasa, 29 Desember 2015

MARAKAKE DAWA UMURE

MARAKAKE DAWA UMURE


Wis tau dikandakake menawa tata krama kuwi tumuju marang karaharjaning urip. Raharja slamet. Slamet awake, slamet kulawargane, slamet bebrayane, slamet bangsa lan sesamane, lan slamet jagadsakabehane iki.
Yen wis suwe ora ketemu, ora nulis layang, semangsa ketemu utawa kirim layang, nakokake kabare. “rak ya padha slamet ta?” “Kepiye kabare? Padha basuki ta?” “Mugi-mugi sami ginanjar wilujeng.” Mangkono sapiturute.
Kaslametan kuwi ana lan akeh gendeng cenenge karo rekadayanemanungsa. Lan iku wujuding kanugrahaning Gusti. Kaslametan gegayutan karo kasarasan. Kasarasan sambung karo karesikan. Mangkono sabanjure. Yen cara saiki sambung rapet karo K5 utawa 5 K, yaiku, katentreman, karesikan, katertiban, kaendahan, lan kakulawargan.


Saiba bakal raharjane saben kaluwara kaleksanan nindakake limang bab kasebut. Saben warga padha ngerti, rukun, makarya ing jroning bungah susah. Kabeh nganggo lan netepi pranatan, nindakake hak lan kewajibane dhewe-dhewe. Rekadaya aja ana godha rencana sarta bebaya. Kabeh papan resik. Barang-barang ditata, ngresepake pandeleng.
Kamar-kamar kerep dibukak, diresiki; cendhela diwengakake, kang suwe sumimpen diisis. Pakarang resik. Kalen, ilen-ilen lancar, ora njebembeng.
Bak, WC, kamar mandhi, kudu kerep dikuras, dikosek, bubarbebuwang disentor. Diudi ajeg resik, ora mambu. Diwenehi kapur barus, wangi-wangi supaya luwih gawe krasan. Sabun. Odhol aja pating clemot. Kabeh ditata karo wadhahe, karo sikate. Handhuk diisis, dijereng.
Bangsa-bangsa kang wis maju duwe tata krama kang gumathok. Kuwi wis dikulinakake wiwit ciliking kaluwarga-kaluwarga. Banjur dadi pakulinan kang ototmatis.kaya wong mangan, yen ora mangan nuli luwe. Kaya wong ngombe, yen ora ngombe ngelak. Mangkono uga bab karesikan. Yen ora resik, rumangsa orakepenak, ora jenjem. Yen ora olahraga awak kaku. Yen WC, kamar mandhi mambu pesing, jeneng ora ngreti tata krama. Yen kamar pating blengkrah, ora resik,diarani ora duwe tata krama. Kabeh nganggo tata krama. Tata krama kang ora dipeksa, ora kaku, ora digawe-gawe. Pancen tatakrama kang dibutuhake. Tat krama kang dadi peranganing urip. Yen ora nganggo kuwi sasat ora bisa urip. Ana 6 bab kang wis matuh dadi watak, mbokmenwa prayoga ditiru. Niru ora angger-angger ditiru bae. Niru amarga pancen baku, perlu, lan amrih rahayu. Nem baba kasebut yaiku:
1.     Tangi esuk
2.     Olahraga
3.     Ora mangan nganti kakehan
4.     Ora ngulinakake udud
5.     Ora ngulinakake ngombe minuman keras, lan
6.     Rekadaya saben dina gembira, bungah, bingar, sumeh, apese wiwit tangi turu nganti tekan jam 09.00; upama kapeksa nesu diampet dhisik, diwetokake ngenteni yen wis jam 09.00.
Jare mangkono iku marakake dawa umure. Dawa umure ateges dawa slamete. Ateges cocog kang gegayuhaning tat krama, yaiku ngudi marang katentreman, karaharan, lan kawilujengan.

Katrangan1.      Ginanjar: diparingi
2.      Gendeng ceneng: sambung rapet; ana sesambungan
3.      Kanugrahan: bebungah peparinging Gusti; nugraha
4.      Gegayutan: sesambungan
5.      Pranatan: angger; angger-angger
6.      Rencana: godha; alangan; rubeda
7.      Dipurih: direkadaya
8.      Njebembeng: ora mili tur reged
9.      Bebuwang: ngising
Matuh: kulina 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar