KATON GAYENG NGRESEPAKE
Kabeh wis
ditata. Sing nata ibune. Anak-anake melu ngrewangi. Meh kabeh melu ngrewangi.
Kajaba sing esih cilik lan durng bisa. Bapake esih uthek ngrampungake pagawean ngomah.
Sega lan
lelawuhane wis cumawis kalebu sambel lan lalapan. Piring, sendok, garpu (prok),
wijikan, lan serbet wis sumadhiya.
Segane
putih, pulen, turkenul-kenul. Dhasar esih manget-manget. Lawuhe prasaja: jangan
lodheh kacang, lembayung, cipir, tahu, tempe, lan gereh pethek, sambel trasi
lalapane kol lan tomat. Uga ana sop, nanging mung cepakan kanggo Dhidhik sing
cilik dhewe, lagi umur limang taun.
Wong saomah
kabeh wis lungguh dhewe-dhewe, kepung ngopengi meja makan. Edhi lan Dhian
pinuju dolan ing kono. Bocah loro kuwi ponakane Bapak lan Ibu Brata. Edhi lan
Dhian diajak mangan bareng. Lunguhe ora padha kadohan lan ora padha kecedhaken
karo meja makan. Banjur padha ndonga, uga dhewe-dhewe.
Bapak lan
Ibu Brata luwih ndhisik njupuk sega. Nanging ora enggal mangan, njupuk lawuh
bae durung. Nuli padha ngladeni Dhidhik. Ana sing njupukake sega, ana sing
nawani gereh, ana sing ngangkatake sop.
Sawise Dhidhik
wiwit mangan, nuli padha lagi bebarengan tumandang, njupuk sega lan lawuhe.
Sanadyan wonge akeh, nanging ora semrawut.
Anggone njupuk sarwa tamban, sareh
genti-genten. Kala-kala lawuhe diangkat diubengake.
Endhang
mangan nganggo sendhok lan garpu. Totok mung
nganggo sendhok. Nyendhok sega lawuh, banjur dilebokake cangkem. Sendhok
diputer dhisik, kang dilebokake ing cangkem peranganing pucuk, dudu iring kiwa
utawa tengening sendhok. Cangkem nuli mingkem. Pamamahe alon, ora kesusu,
diematake. Ora keprungu kecap-kecap. Keprungu iya ora seru tur mung kala-kala bae.
Katon gayeng, ngresepake. Kala-kala diselingi
crita. Yen arep omong, sega lawuh diulu dhisik, lambe diresiki, dadi ora
nyemprot-nyemprot metu. Ana sing kapeksa mandhek ngrungokake, banjur sumambung
mung saprelune. Yen manut tata krama dhek biyen, wayahe mangan mangkono iku ora
kena guneman, kudu anteng, meneng. Yen manut tata krama saiki, kena bae
guneman. Nanging kudu mnadheg dhisik. Kang dimamah wis diulu, cangkem lan lambe
resik.
Kabeh padha
nggatekake. Sing wis kentekan lawuh, dicedhaki lan diulungi lawuh. Sing meh
entek kokohe, ditawani lan dicedhaki
tandhukan. Mangkono sapiturute, mangan bareng gawe raket rukune kaluwarga.
Katrangan
1. Uthek: obah nyambut gawe
2. Pulen: empuk nenel ora akas
3. Kenul-kenuk: empuk nenel
4. Semrawut: pating srawut, ora tumata
5. Tamban: alon kepenak
6. Gayeng: nyenengake lan gumreget
7.
Kokohe: sega ing piring
nalikane mangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar