Selasa, 29 Desember 2015

KAKEHAN NOL SIJI

KAKEHAN NOL SIJI


Pinuju dina Kemis Wage sore, Bambang Sumarta ndherekake ingkang ramane sowan menyang daleme Bapak Truna Wijaya, lurah ing Tegasari. Bapak Adi Wibawa, ingkang ramane Bambang Sumarta, arep nyuwun priksa marang Bapak Lurah Truna Wijaya, adhapur nggenahake bab Pajak Bumi dan Bangunan kang kalumrah diarani lan dicekak PBB. Awane Pak Adi tampa layang tagihan saka kalurahan. Isine Pak Adi kudu enggal nglunasi kakurangan mbayar PBB kehe Rp 90.000,00. Pak adi njenggirat gumun ditagih samono kehe. Rumangsane mung udakara Rp 10.000,00

Tekan sangarepe daleme Pak Lurah, daleme sepi ora ana wong kumliwer. Lawange daleme menga. Ing buri jero keprungu banene bocah wadon momong bocah cilik. Tekan ngarep lawang Pak Adi kendel jumeneng, astane ngapurancang, nuli rada ndhingkluk karo uluk salam, “Kula nuwun!”
Anggone uluk salam swarane wijang cetha, ora keseron. Wanda wun dilagokake dawa nggalur alus lan dekung.
“Kula nuwuuuuuuuuuuuuuuuun.”
Bambang kaya kena pangaribawane ingkang ramane. Tangane iya melu ngapurancang. Nalika ingkang ramane uluk kula nuwun dheeke ug rada ndhingkluk. Lambene umak-umik kaya-kaya uga arep melu ngucapake kula nuwun. Pancen mangkono kuwi patrape wong uluk salam moro dhayoh. Sarwa sareh, sarwa alus.
Ora let suwe ana bocah wadon metu saka jero omah nanggapi tamune, “Manggaaaaaaaaaaaa!”
Atur wangsulan mangga mangkono kuwi karo ngadeg jejeg, ulat sumeh, tangan loro ditangkupake kaya arep nyembah. Durung nganti matur mbacuake manggane Pak Adi mundhut priksa marang bocah wadon kasebut.
“Bapak Lurah punapa wonten ing dalem? Ature bocah wadon, “ Wonten saweg siram. Mangga kula aturi lenggah rumiyin, ngentosi sawetawis. Mangga mlebet kemawon. Mangga, Bapak. Mangga!”
Ngaturi kaya mangkono kuwi karo mundur-mundur, mbungkuk-mbungkuk, tangane tengen ana ing sangarepe dhadha, diobah-obahake lan driji-drijine nekuk, kjaba jempolan mungal, ngaturi lenggah ing kursi kang kasadhiyakake anggo para tamu. Bocah wadon kuwi pncen trampil tindak-tanduke, sumanak, tur mcara. Wose, bocah kuwi ngreti tata kramane wong nampa tamu.
Pak Adi lenggah ing kursi kanthi alon lan kepenak. Kursine diundurake kanthi dijunjung. Dadi ora mung digeret bae. Bambang mangkono uga, tiru-tiru tumindake ingkang ramane. Bareng wis satata Pak Adi jumeneng maneh, Bambang dikanthi pindhah menyang kursi liyane, amarga ungguhe Bambang ngungkurake lawang jero omah. Tata kramane tamu kudu lungguh ngadhepake lawang jero.
Dadi yen sing kagungan dalem miyos saka jero banjur adhep-adhepan.
Ora nganti limang menit, Pak lurah wis ngagem busana jangkep saprelune. Nuli miyos nemoni tamu. Banjur padha sesalaman. Pak Lurah ndhisiki ngendika,
“Sugeng rawuh, Pak Adi!” Pak adi gupuh mangsuli, “Pangestunipun, Pak Lurah!”
Sawise bage-binage, lan Pak Lurah wis ndangu marang Bambang, Pak Adi banjur prasaja matur anggone sowan Pak Lurah Truna Wijaya. Bapak Lurah lan Pak Adi ngendikan gupyek, sarwa cetha, alus, tur tumata. Bambang mung lungguh anteng semu ndhingkluk ngrungokake pangandikane sing padha ngendikan.
Pak Adi plong, tentrem penggalihe, diterangake dening Bapak Lurah menawa tagihane Rp 9.000,00. Pak lurah kawetu pangandikane.
“Nyuwun pangapunten, Pak Adi, petugas kula klentu anggenipun nyerat!”
Bapak lurah Truna Wijayapancn priyayi sembada. Blak-nlakan, micara, sarta tansah nindakake tata krama marang sapa bae. Uga ora wigah-wigih mundhut pangapura menawa pancen ana luput lan klerune apa bae kang dadi tanggung jawabe.

 Katrangan1.      Ingkang ramane: bapake
2.      Njenggirat: njumbul
3.      Udakara: kurang luwih
4.      Kumliwer: obah mlaku
5.      Banene: sarane
6.      Ngapurancang: nyilang
7.      Dekung: alus mlengkung mengisor
8.      Pangaribawa: daya batin
9.      Busana: sandhangan
10.  Gupuh: age-age
11.  Ndangu: nakoni
12.  Sembada: jumbuh sakabeher; cocog wadhag aluse
13.  Micara: pinter guneman tur nyenengake
14.  Wigah-wigih: aras-arasen; wegahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar