Senin, 21 Desember 2015

GEGURITAN

IBU
Dening Lesti Aristisia


Sinembah sinujud marang samparanmu bu..
Dene Tumetesing tirta gawe telesing nala
Esih emut ana ing prentuling tyas ingsun
Rikalane tangis jejerit kuwi gawe tangining saremu
Rikalane luwehe weteng iki, dadi pagaweyanmu
Rikalane ingsun amung bisa ngumbar tangis...
Panjenenganipun ibu...
Siji saka yutaning manungsa, sing lila
Sing bisaa legawa
Ngelela, ngelelo ngedem tangisku

Tirtaning netra ingsun
Nora kabendung mili deres
Nalikaning insun nyeyawang
Badanmu ayumu, wis layu...
Nyawamu lunga mlayu
Toyaning pangurip ingsun
.Wis mentas, ngudi lan nguri marang ingsun
Nyukani asih uga asmara...
Wis tekan mangsane
Ibu...
Panjenenganipun
Sowan ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
Ibu... amung dedonga sajumput
Kang bisa ingsung cawisake
Sanajan ora sepira
Mugaa panjenenganipun sageda nampa
Dedonga saka atmaja sing durung bisa dadi apa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar