Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tebang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe ana sawelas. Ing tembang macapat, ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yoiku cacahing baris ana ing sa pada (bait), guru wilangan yoiku cacahing suku kata ana ing saben gatra (baris), lan guru lagu yoiku tibaning swara (vokal) ana ing pungkasaning gara/baris.
1. Maskumambang
Guru Gatra (baris) : 4 Gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku : 12i, 6a, 8i, 8a
Maskumambang nggambarake manungs isi ana ing alam ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo anan ing jero rahim. Watak tembang iki umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara
2. Mijil
Guru Gatra (baris) : 6 Gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Mijil kuwi artine lahir utawa mbrojol
3. Sinom
Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yoiku: 8a, 8i, 8a, 7i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
Gambaran manungsa duwe sifat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.
4. Kinanthi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggi nggabarake rasa seneng, katresan, lan kewicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanthi saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lan pangarp-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.
Kinanthi nduweni 6 gatra. nduweni guru wilangan lan guru lagune yaiku : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
5. Asmarandana
Tembang asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
asmarandana nduweni guru gatra : 7 gatra (baris), guru wilangan lan guru lagune yaiku : 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a.
6. Gambuh
Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh/sawiji, dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kalawarga.Tembang gambuh mbok menawa pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya eling marang tumindak-tumindake. Manungsa di elingake yenta kabeh tingkah pola manungsa iku ana akibate. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakake urip manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku.
tembang gambuh nduwenu guru gatra : 5 gatra (baris), guru wilangan lan guru lagune yaiku : 7u, 10u, 8u, 8u, 8o.
7. Dhandanggula
Gambaran urip kand wis mapan, manis, lan mulya Cukup sandang, papan lan pangan. Dhandanggula isine pangarepen utawa pangajap kang becik. Dhandang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki.
tembang dhandanggula nduweni guru gatra : 9 gatra (baris), guru wilangan lan guru lagune yaiku : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 6u, 8a, 12i, 7a.
8. Durma
Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan ojo lali nindakae Darma (Durma asale saka darma / sadhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik), guru wilngan lan guru lagune yaiku : 12a, 7i, 6a, 8i, 8i, 5a, 7i.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa.
Tembang pangkur rinakti pitung gatra (larik) saben pada (bait), guru wilangan lan guru lagune 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
10. Megatruh
Saka tembung megat :pisah, ruh: nyawa/roh. Nggambarake manugsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasane cerita manungsa mesthi mati. Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :12u, 8i, 8u, 8i, 8o.
Tembang iki mendayu-ndayu
11. Pocung
Tembang iki nggambarake sak uwise manungsa mati banjur di pocong (pocung: pocong dikafani). "Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna" Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane maati uga. Ana uga tembang pocung kang isine pitedah becik.
nduweni guru gatra 4 gatra (baris), guru wilangan lan guru lagune yaiku : 12u, 6a, 8i, 12a.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar