PANCA SUDA
Panca Suda menika petangan kangge nyumerepi awon saenipun anjodhokaken jaler lan estri, kapendhetaken saking neptuning dinten/pekenan wedalanipun.
Noptuning dinten : Jumuah = 6, Setu = 9, Akad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebu = 7, Kemis = 8.
Noptuning pekenan : Legi (Pothakan) = 5, Paing (abritan) = 9, Pon (Jeneyan) = 7, Wage (Cemengan) = 4, Kliwon (Manca Warna) = 8.
Menggah lampahipun madoni pencasuda,wau makaten neptuning dinten pekenan wedalanipun jaler lan estri ingkang badhe kajodhokaken wau dipundadosaken satunggal, lajeng kasuda saking sadasa utawi saking pitu tirahipun boten kenging langkung saking pitu : manawi kasuda saking sadasa, tirahipun langkung saking pitu, inggih lajeng kasuda saking pitu angka tirahipun punika nedahaken kapanggihing petangan
Upami wedalanipun jaler lan estri punika Rebu Paing lan Kemis Pon neptuning dinten pekenan kadadosaken satunggal (7+9+8+7), kapanggih 31. Angka 31 wau kasuda saking 10 (10x3) tirah 1, dados petanganipun kapanggih 1 dhawah : Wasesa sagara.
Upami klempaking neptu wau kapanggih 28, punika manawi kasuda saking 10 kapanggih 8, dados langkung saking 7, mila ingkang makaten punika lajeng kasuda saking 7 (28-7x3) 7, kapanggih : Lebu katiup ing angin.
Salajengipun pratelan kapanggihing pancasuda kados inng ngandhap punika. Kaanggihing petangan pancasuda yen tirah :
1. Wasesa sagara. Watekipun : sugih pangapunten, jembar budinipun, saged amot ujar awon sae, ageng prabawanipun.
2. Tunggak semi, watekipun : tansah cekap rijekinipun, sanadyan pinapras inggih kedah thukul.
3. Satriya wibawa, watekipun : pikantuk mkamulyan tuwin kaluhuran.
4. Sumur sinaba, watekipun : dados pangungsening kapinteran.
5. Satriya wiring, watekipun : nandhang duka cipta sarta kawirangan. Isarat panulakipun : angedalaken rah, upaminipun : nyembelih ayam.
6. Bumi kapetak, watekipun : petangan manah, nanging taberi ing damel. Kuwawi nandhang lara-lara, resikan. Isarat panulakipun : mendhem siti.
7. Lebu katiup ing angin. Watekipun : nandhang papa-cintraka, siyal sandhang tedhanipun, samukawis pikajanganipun boten dados, kerep pindan griya ; isarat panulakipun : ngabul-abul lebu.
kapetik saka : Kitab Primbon Qomarrullsyamsi Adammakna (Betaljemur Jilid VI)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar