Rabu, 23 Desember 2015

CERKAK

TRESNA KANGGO KANCA
ANIK SASI KIRANA


Lagi wae Nani tekan prapatan dalan, kelingan ana buku sing ora digawa. Enggal-enggal Nani mbalik maneh menyang omah njupuk buku. Njagang pit sing ditumpaki ing plataran ngarep omah.Sarampunge njupuk buku, Nani ngepit maneh menyang sekolah. Kebeneran ing dalan ketemu Banu dadi menyang sekolahan bareng. Nani karo Banu padha-padha kelas 2 SMA lan sekelas uga. Banter-banteranbocah loro kuwi anggone numpak pit amarga wis kawanen. Tekan sekolah Nani lan Banu mlebu kelas.Kira-kira sepuluh menit bocah loro numpak pit.
“Ni, dina iki ana tugas ora?” Banu takon marang Nani.
“Ana, tugase kon nganalisis tradisi Nu.” Wangsulane Nani.
“Wis kok garap, Ni? Aku nyontoh gonmu Ni.” Banu nyedhaki Nani.
Ora let suwe, Bu Guru Eny teka. Nanging ora suwe anggone ngasta amarga ana kaperluan liya.
            “Nu, tugasku esih semrawut. Kene arep tak beneri.” Nani njaluk tugas sing disilih Banu.
            “Iki. Matur nuwun ya.” Banu mbalekake tugase Nani.
Sekolah dina iku ora tekan awan amarga guru-guru duwe kaperluan. Nanging Nani ora langsung mulih, dheweke esih kapengin internetan neng sekolah. Banu sing bar tuku gorengan, lungguh ing jejere Nani. Pas iku ana Ika uga.
            “Nani, Ika iki lho ana gorengan. Dimaem dhisik mengko adem.” Banu nawakake marang kanca-kancane.
            “ Iya, matur nuwun.” Jawabe Nani singkat.
            “Mengko tak entekna aku lho, Ni.” Ika sing lungguh ngarepe Banu nyambungi.
Ika kuwi salah siji kancane Banu lan Nani.
Bocahe seneng guyon lan sipate kaya mbah-mbah amarga sering ngandhani kanca-kanca babagan apa wae. Kanca sakelas uga seneng karo Ika awit bocahe eman lan seneng manganan dadi akeh jajan yen cedhak bocah iku. Banu lan Nani wis rong taun sakelas karo Ika. Nanging Ika luwih akrab karo Nani, dheweke uga sepanggon neng kelas.
Salah sawijining dina nalika Banu pit-pitan arep neng omahe Nani. Sengaja Banu ora ngandhani Nani dhisik. Barang tekan ngarep omah, Banu kaget weruh Nani lagi karo Andi kanca sakelase ana ing omahe Nani lagi adhep-adhepan nanging ora weruh Banu. Enggal-enggal Banu ngadoh saka ngarep omahe Nani.
Banu wis kepikiran nek bocah loro kuwi ana apa-apa. Awit sipate ing sekolahan ora kaya kancanan biasa. Bocah loro kuwi sering bareng. Banu dudu apa-apane Nani, Banu mung kanca. Nanging asline wis suwe dheweke nandhang tresna marang Nani. Babagan katresnan iki Banu durung wani nembung Nani. Barang weruh kedadean iki kebak rasa gela atine Banu. Sesuke Banu kepethuk Nani arep menyang sekolah. Adate bocah loro iki nek ketemu mesthi langsung kandha-kandhahan, nanging iki ora malah padha meneng.
            “Banu, kowe lagi ana apa?” Ora suwe Nani miwiti guneman.
            “Orapapa, Ni.” Wangsulane Banu cekak.
            “Nu, mengko kowe arep melu dadi panitia pitulasan ora? Iki wis meh sasi Agustus.” Nani takon.
            “Aku ora meh melu dadi panitia, aku meh dadi peserta wae. Ben iso melu lomba-lomba.” Banu njawab karo ngejak guyon.
            “Hahahah... Kaya bocah cilik wae kowe ki.” Nani ngguyu.
Ora krasa mlakune wis tekan sekolah. Banu lan Nani mlebu kelas. Ora biasane Nani milih lungguh ing jejere Andi. Ana sing digumuni Banu, biasane Nani mesthi kandha nek duwe sesambungan karo liyan. Nanging babagan cedhake karo Andi, kok Nani ora tau kandha. Banu dadi penasaran, apa iya mung kancanan biasa? Apa ana sesambungan kang luwih saka kanca?.
            “Nu, ayooo mulih.” Andi ngejaki mulih.
            “Iya Ndi, ndhisiki wae.” Wangsulane Banu.
Nalika Nani lan Andi wis mulih, Banu enggal-enggal nyedhaki Ika.
            “Ka, Andi lan Nani kuwi ana sesambungan luwih seka kanca to?” Pitakonane Banu awit penasaran nemen.
            “Menurutku mung kancanan biasa Nu. Nani ora tau kandha nek dheweke lagi cedhak karo Andi. Ana apa tho?” Andharane Ika karo mbalik takon.
            “Orapapa, Ka. Iya wis matur nuwun.” Banu mulih.
Omahe Banu ngliwati omahe Nani. Konangan maneh Andi lagi neng omahe Nani. Banu sing weruh bocah loro kuwi nanging tetep mlaku wae. Ora dinyana Nani malah ngawe-awe.
            “Renea Nu. Garap tugas bareng.” Nani ngundang-undang Banu.
            “Nggarap tugas apa tho?” Pitakone Banu karo nyedhaki bocah loro iku.
            “Iki lho tugas observasi pelajaran IPS.” Wangsulane Andi.
            “Piye nggonmu wis digarap, Nu?” Nani takon.
            “Owalah, aku lali ki. Tugase kelompok tho?” Banu rada bingung.
            “Iya, kelompoke loro-loro. Mangkane awit wingi aku mrene terus nggarap tugas.” Andi nyelani.
Pungkasane ing omahe Nani, Banu mung ndelok Andi lan Nani nggarap tugas. Sawise tugase rampung digarap, Andi mulih ndhisik. Nani lan Banu wong loronan kandha-kandhahan maem jajangaringan sing dicepaki dening Nani. Suwe-suwe Banu nyritakake kabeh sing dirasa ing njero atine. Awite Banu ora wani tur isin, nanging Banu akhire crita.
            “Kowe iki duwe sesambungan kang luwih seka kanca to karo Andi?” Takone Banu rada gugup.
“Sesambungan apa maksute? Aku mung kancanan biasa karo Andi, Nu. Ana apa tho?” Wangsulane Nani sing bingung. Saiki Banu ngerti nek Andi lan Nani mung kancanan, Banu krasa bungah atine.
Akhire Banu ngakoni yen dheweke tresna marang Nani wis awit suwe. Nanging reti Nani cedhak karo Andi, Banu ora wani nembung. Nani sing krungu critane Banu mung mesem-mesem.
            “Nu, dhewe iki wis kancanan suwe malah wis awit cilik, aku ya tresna marang kowe. Nanging tresnaku iki mung sawates kanca marang kowe.” Wangsulane Nani.
Banu iso ngerteni wangsulane Nani sing mangkono. Bocah loro kuwi padha-padha tresna nanging tresna kanggo kanca lan ora bakal ngowahi kekancan iki. Banu lan Nani sansaya akrab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar