A. WACANA NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane.
upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.
B. WACAN DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang maca.
C. WACANA EKSPOSISI (NYERITAKAKE PROSES)
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana elsposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab.
D. WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
E. WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Sumber: http://kangsura.blogspot.co.id/2009/01/wacana-narasi-diskripsi-eksposisi.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar