“PURIK”
“Dhuh
Gusti,,,,,,, ngapuranen kawula-Mu iki Gusti... Kula sadhar, kula tobat Gusti...”
panjerite Ratih kanthi ilining waspa ing pipine.
Esuk umun-umun
Ratih wis mlaku ana dalan ngarep omah. Ya wis kaya padatane, saben esuk Ratih
wis siap karo gendhongane arep menyang dodolan aneng pasar. Wis suwe dheweke
dadi bakul ana pasar. Ya, etung-etung kanggo nguripi kulawargane. Merga pengangguran, bojone Ratih seneng mabuk lan dolanan
wedokan.
Kahanan esuk iki beda kaya
padatane. Ratih ora nggendhong barang dodolane nanging, dheweke malah nggendhong
anake wedok sing jenenge Dina lan nyangking tas gedhe loro. Dheweke nduweni
kekarepan arep sowan marang wong tuwane ing Polaman. Pancen wis diangen-angen
arep mangkat esuk-esuk, merga yen mangkat awan dheweke wedi yen konangan
bojone.
Ing ndalan,
Ratih ngelus-elus anake terus. Dheweke kemutan lelakone bojone awit saka
omah-omaha nganti tumeka saiki. Saben dina nalika Ratih mulih saka pasar mesthi
langsung ditodhong dhuwite dening bojone. Banjur yen wis entuk dhuwit, Darno
langsung lunga mbuh nyang ngendi parane. Ratih murungake niyatan nempur tuku
beras gawe mangan dheweke lan anake, malah meh saben dina yen bojone ana ngomah
kepara ora mangan sega.
Ya kaya bengi
iki, Darno ngajar lan muring-muring Ratih. Menawa prakara ngombe lan tumindak
kasar marang Ratih esih bisa trima. Ananging, ing bengi iki sabare Ratih wis
entek. Tanpa krasa salah lan dosa Darno mulih nggawa wedokan liya. Atine wong
wedok ngendi sing ora lara yen weruh kahanan bojone kang kaya mengkono.
“Tih,,, Ratih,,,, bukakna lawang!” panjerite Darno nyambi
nggedhor-nggedhor lawang omah ngarep.
“Inggih Mas,,,,, sekedhap,” Ratih njenggirat saka kasur banjur
mlayu tumuju lawang ngarep ngerti yen sing teka iku bojone.
“Suwemen ta, lahpo kowe mau? Turu? Wong wedok kok bisane mung
tura-turu,” mlebu omah kanthi nggandheng wong wedok liya.
“Astagfirullah,,,,, sinten niku Mas,,,?” sinambi nggeret tangan
bojone.
“Heleh ora usah tekok-tekok cepet gawekna ngombe!” nyemplak
Ratih kanthi banter.
“BRAAAAKKK.......” swarane Ratih kang tiba ing sisih meja
kanthi ngampet tangis merga lara atine.
Merga kahanan
kuwi Ratih wis tekad arep ninggalake bojone, dheweke arep bali ing omahe wong
tuwane lan bakal njaluk ngapura. Merga biyen nalika tepung karo Darno, Ratih
dadi anak sing duraka marang wong tuwane. Dheweke eling lelakon telung taun
kepungkur sadurunge bebojowan karo Darno.
Ratih tepung karo Darno lantaran
saka Surya minangka kanca rakete Ratih. Nalika kekarone lagi wae nekani
pagelaran kethoprak ing Baledesa. Surya nepungake Ratih karo Darno. Wiwit saka iku
Ratih lan Darno mulai cedhak. Darno uga wis asring dolan ing omahe Ratih. Saben
pepanggihan karo bapakibune Ratih, Darno nuduhake subasita kang becik, uga
grapyak marang wong tuwane. Banjur sanalika Darno nembung marang bapakke Ratih yen
arep ngepek bojo Ratih. Nanging, ing wektu iku bapake Ratih ora mangestuni.
Merga, bapakke Ratih wis ngerti yen Darno iku saka kaluwarga wong sugih lan
wong dhuwur drajade. Saliyane iku, Bapakke Ratih uga wis nate nemahi Darno
mabuk lan dolanan wedokan nalika ing kajatane tanggane. Nanging, jenenge wong
kang lagi ketaman asmara, tumindak elek yo ora ketok, nanging tumindak apik sethithik
wae digunggung ora rampung-rampung. Ratih ora percaya marang Bapake. Dheweke
tetep ngeyel njaluk diningkahake karo Darno. Pungkasan, Bapake Ratih kapeksa
mangestuni Ratih karo Darno merga Ratih iku anak ontang-anting lan dheweke
pengin ngendhat yen ora dipangestuni.
Bubar ngantenan,
Ratih lan Darno langsung njaluk digawekake omah dhewe. Kekarone kepengin nduweni
omah ing liya desa lan adoh saka wongtuwa. Seminggu rong minggu Darno lan Ratih
esih ngrasakake senenge dadi nganten anyar. Kekarone asring mlaku-mlaku ing
papan-papan wisata. Nanging, suwe-suwe dhuwite Ratih entek. Kekarone ora bisa
mangan lan nyukupi kabutuhan bale somah. Merga Darno minangka bojo lanang kang
nduweni kuwajiban ora nindakake kang samesthine, banjur Ratih ngongkon bojone
suapaya kerja kareben bisa nyukupi kabutuhan.
“Mas,, arta kula telas, kula badhe blanja boten saged,”
panjaluke Ratih marang bojone.
“Kok bisa entek?? Mbok gawe apa, Tih ?” wangsulane Darno karo nyentak.
“Boten kok, Mas. Kalawingi kula lan panjenengan rak nggih
boten menggalih kabetahan salajengipun ta Mas, asring medal mlampah dhateng
wisata. Mila artanipun telas, ”
“Yawis kono kowe kerja !!!”
“Lha menawi panjenengan, Mas ?” pitakonane Ratih kanthi alon.
“Aku Moh kerja, mengko yen aku kerja terus para tangga teparo padha
weruh kepriye ? ya isin aku. Masak anake wong sugih kok kerja. Yen kowe kan ora
apa-apa. Gek kono ndang kerja golek dhuwit, aku wis luwe ,”
Krungu kaya
mangkono Ratih nangis. Dheweke ora nyangka babar pisan meanawa bojone bakal
ngomong kaya ngono iku. Dheweke langsung kelingan marang ngendikane bapake. Bubar iku Ratih kepingin banget sowan marang
wong tuwane, nanging ora nate kelakon. Merga ora entuk idi palilahe Darno.
Gedhe banget rasa getune Ratih bebojowan karo Darno. Wong lanang sing biyen di
dambakake nganti direwangi nglawan marang wong tuwane saiki malah nggawe lara
atine.
Ing tengah
dalan, Ratih mlaku karo nangis sesenggrukan. Dheweke tambah getun maneh nalika
iku meruhi bojone lagi dolanan wedokan liya. Kamangka wektu iku Ratih lagi
ngandhut pitung sasi. Luwih ngenes nalika babaran, Darno malah ora ana ing
omah. Ratih ya ora ngerti ing ngendi parane. Wektu iku Ratih babaran di biyantu
marang tangga teparone kang lagi wae liwat ana ing ngrep omahe.
Sawise anake
lair, Ratih nyuwun marang Gusti mugiya bojone diparingi kesadharan lan enggal ninggalake
tumindak kang ora becike. Nanging, kasunyatane ora kaya kang dikarepake. Darno ora
enggal mari malah tambah saya parah. Darno ora nate mulih ngomah, saben bali
mung jaluk dhuwit marang Ratih. Malah kabeh banda donyane wis entek mung gawe
mabuk lan medok.
Ora krasa
jumangkah sikile Ratih wis tekan ing ngarep plataran omah wongtuwane kang ana
ing Polaman. Tangise Ratih sansaya ora bisa diampet, eluhe mrebes mili pating
ndlewer. Jangkahane kandheg, sikile anteng ora bisa jumangkah. Sesawangan kang
esih asri, ndadikake kahanan omah ora beda kaya biyen. Tetanduran ing plataran
ijo subur godhonge, kembange megrok amba sumigrak wangine. Wit-witan wutuh
ngadeg ing pinggir wates omah. Sanalika Ratih merem mripate bayangake jaman
cilikane lan ngrasakake adheme angin kang sumribit. Sikile Ratih jumangkah tumuju
lawang omah kang biyene nate digawe liwat nalika Darno nglamar dheweke.
“Assalamu’alaikum....” pangucape Ratih sinambi tangane nothok
lawang.
“Wa’alaikumsalam.....” wangsulan saka njero omah kang ora liya
swarane ibune.
Nalika lawang tumenga,
“Anaku wedok, Ratih....,” sanalika biyunge Ratih ngrangkul kanthi eluhe kang dredesan.
“Ratih nyuwun pangapunten, Bu. Ratih kathah lepat marang bapak
lan ibu,,,,” Ratih njungkung ing sikile ibune.
Karo ngrangeh nangikake Ratih, Ibune ngendikan, “Wis,,, wis
ndhuk. Ibu wis ngapura kabeh dosamu, ayo mlebu!” Ratih, Dina, lan Ibune mlebu
ing jero omah.
Bingung kang
dirasakake Ratih. Rasa bungah merga bisa mulih ing omah lan rasa susah merga
dheweke ninggalake kuwajiban minangka dadi bojone Darno. Bubar sungkeman marang
bapak lan ibune, Ratih banjur nyritakake lelakon uripe karo Darno.
Krungu crita
anak wedoke, wongtuwane ora ngilani Ratih. Merga biyen Ratih anggone njaluk
bebojowan karo Darno direwangi nggawe susah wongtuwane. Saiki Ratih krasa getun
nglakoni tumindak kang ora becik kaya mangkono iku lan dheweke sadhar yen
wongtuwa iku malati. Ratih pengin ngrampungi lelakon kang ora becik mau kanthi
njaluk pegad marang Darno.
PURNA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar