Selasa, 15 Desember 2015

GEGURITAN

kasunyatan
Dening hannik thoyyibah


amung putih yen ngeti kahanan
sesek neng dhadha yen nrima kanyatan
mustahil ngrasakake angin resik
yen geni isih padha mletik

kanca-kanca, coba pikira, , ,
iki salahe sapa ?

apa sejatine kahanan sajroning dunya
ora ana welas asih marang sasama
kejaba benerake tumindake

apa ya pantes amung njagakake
kang luhur ?
tanpa ana kabeckan kan diwuwur

tanpa ana ucap lan tumindak rasa syukur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar