SALAME
MANUT APA ANANE
Dhek emben kae katerangake sapa bae lan ana ing ngendi bae
kudu nganggo tata krama. Awake dhewe, bapak, ibu, anak ing kaluwarga, murid,
guru, karyawan ing sekolahan,
wong-wong ing pasamuwan, mangan bareng, mara tamu, nunggang bis, ing dalan
gedhe, lunga saka teka ngomah, kabeh ana lan nganggo tata krama.
Kala-kala papan siji lan papan liyane beda. Mangkon uga
negara siji lan negara liyane, bis auga adat tata cara lan tata kramane beda. Ana
paribasan desa mawa cara nagara mawa tata.
Uga salin enggon salin kedhaton.
Tuladha: wong Jawa yen padha salaman kae, epek-epeking tangan diplurutake karo epek-epek tengan sing diajak salaman. Ana sing
bubar salaman, tangane ditempelake ing dhadha. Kanca-kanca ing Sundha yen padha
salaman, epek-epeking tangan ditangkupake, banjur mung digathukake driji-driji
perangan pucuk bae. Mung mak nil, wis cukup. Wong Eropa, merika, lan saiki mratah ing ngendi yen pinuju salaman,
mung nganggo tangan tengen bae. Yen wis gathuk lan padha nyekele, banjur
diobah-obahake. Katon aktif, sumanak, ngengreng. Mangkono sapiturute.
Wong Inggris yen kepethuk tetepungane ing wayah esuk, uga ing
wayah awan sadurunge mangan, ngucapake good
moring, ing wayah sore good afternoon,
ing wayah bengi good evening, ing
wayah bengi pepisahan good night. Ing
nagara-nagar liya, ing papan-papan liya uga wis kalumrah mangkono iku. Selamat pagi, sugeng enjing, selamat siang, sugeng siang, selamat sore, sugeng sonten, selamat malam, sugeng dalu. Ing tlatah liya,
luwih-luwih ing padesan kaeluwih prasaja maneh. Yn kepethuk kanca arep menyang
kali, salame, “Nyang kali, lLik.” Mangkono uga lumrah tembung-tembung iki, “Nyang
sawah, Kang.”; “Adus, Dhik.”; “Umbah-umbah, Yu.”; “Teng wana, Wa”; “Teng peken,
Bu.” Wose salame manut apa anan, apa kanyatane. Yen ora mangkono, malah jenenge
ora nganggo tata krama.
Aku lan kowe mlaku bareng. Ana wong padga omong-omong,
lungguhan/ndhodhok. Bareng liwat cedhake kudumatur, “Nuwun sewu, ndherek
langkung.” Yen ana wong mlaku nunggal tuju, mangka arep nglancangi (nyalib),
aku lan kowe matur, “Nuwun sewu, ngrumiyini.”
Tembng nuwunsewuiku wigati banget kanggo tata krama.
Katrangan
1.
Karyawan:
sing makarya; sing magawe; pegawe; pegawai
2.
Epek-epek:
lumahing tangan
3.
Diplurutake:
diurut; dip;orotake
4.
Mak nil:
mung kena sathithik ing pucuk
5.
Mratah:
lumrah; umum; ing ngendi-endi ana
6.
Sumanak:
kaya sanak; grapyak; sumadulur; luwes srawunge
7. Ngengreng: mrabawa nyenengake; duwe kakuwatan kang
nyenengake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar