Senin, 21 Desember 2015

CERKAK

 Sedulurku Dadi Sisihanku
Dening Fina Roikhatul Jannah

Ing donya iki aku ngrasa yen urip dhewe. Wongtuwaku kekarone embuh ana ngendi, aku ora nemuni sabubare ana musibah rob gedhe kang ngenani desa kelairanku. Nalika iku aku esih umur enem taun, sekolah ana gone simbah ing Semarang. Krungu kabar yen ana musibah mengkono iku, aku langsung lemes tanpa daya. Dina iku uga aku arep ngaturi bapa lan biyungku yen aku oleh beasiswa. Aku nuli balik menyang desaku, tekan kana aku ora sanggup ngeti kahanan tilas musibah mau. Wong-wong padha pating jlerit nangisi kaluwargane kang ora ana merga keseret ilining banyu kang gedhe. Ing kono aku mung bisa meneng thelek-thelek tanpa pocap, kanthi swara batin kang nyuwun pitulunganing Gusti supaya bisa ketemu karo kulawargaku.
Aku mlaku turut panggonan kang kanggo nampung korban kang mapan ing desa sebelah, nanging durung bisa nemoni kulawargaku. Bareng aku nerusake laku lagi semeter, aku tubrukan karo bocah wadon ayu, kang uga nggoleki sanak kadange. Cah loro padha bingunge, padha khawatire. “Nyuwun pangapunten Mas...?” celathune bocah wadon ayu  mau. “Ya Dhek, ora apa-apa.” Wangsulanku. “Sajake kok susah men to dek?” pitakonku. “Inggih Mas, kula madosi kulawarga kula.” Sambunge. “jenengmu sapa dhek?”, “Kula Ningrum, Mas.”
Bubar celathu, wong loro padha ngluru pitakonan nuju ing sawijining panggonan kang kanggo nampung korban. Alkhamdulillah, Ningrum bisa ketemu kulawargane ana ing panggonan iku. Nanging, aku durug bisa nemuni kulwargaku. Ewwdene semono aku seneng bisa mbiyantu Ningrum.
Wayah surup, aku pamit marang Ningrum arep nerusake lakuku, nanging Ningrum esih kepengin dikancani senajan wis ketemu kulawargane. Saya cedhak saya raket sesambunganku karo Ningrum uga kulawargane, wis dianggep sedulur dhewe. Aku di tampung ana ngomahe saksuwene aku ngluru kulawargaku, nganti seprene iki.
Umurku wis ngancik dewasa, aku dururng bisa nemoni kulawargaku. Tuwuh rasa pakewuh marang kulawarane Ningrum, niyat arep pamit lunga saka kono nanging Ningrum sajake ngatonake rasa kang beda saka biyasane, sansaya wigati marang aku. Kabeh kebutuhanku wis cumepak. Apa Ningrum??? Osiking batinku.
Ing wayah esuk, bapakibune Ningrum lungguh ana teras ngarep sinambi ngunjuk wedang kopi. Wektu iku, niyatku arep matur pamit. Are jumangkah, dumadakan Ningrum nggerep tanganku dijak ana kebon buri. Sanalika aku kaget nalika krungu Ningrum nyatakake yen dheweke tresna marang aku. Bungkem kaya patung, ora bisa mangsuli. Ningrum ngandhakake yen bapakibune wis sarujuk senajan identitasku ora cetha. Sanalika aku mangsuli “apa ora kleru dhek, yen awakmu kepengin dadi sisihanku?” Ningrum sumambung “ora Mas, aku wis manteb marang batinku. Aku ora kepengin rasa tanggungjawab kang mbok duweni iku mbok wenehke marang wong liya Mas.”
Tak kira bapak ibune Ningrum wis ngerti kepenginane putrane, uga wis ngerti asal-asulku kang ora cetha iki. Saktemene aku uga duwe rasa tresna marang Ningrum, wiwit ketemu pisanan, nanging rasa iki katutup dening rasa paseduluran. Saiki aku ora bisa selak marang atiku dhewe. Yen kasunyatane mengkono aku sansaya bungah bisa nduweni sisihan kang bisa mangerteni kahananku kaya mangkene iki.
Wis rong taun anggonku mbangun balewisma karo Ningrum. Nduweni Najwa minangka wiji kasilku. Usahaku saiki bisa nyukupi kabutuhan kulawargaku kanthi mandiri tanpa ngrusuhi maratuwaku. Ningrum saiki mulang ana SMP cedhak omaku. Alkhamdulillah berkah, muga-muga wongtuwaku ana ing ngendi wae tansah oleh pitulunganMu Gusti.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar