Selasa, 29 Desember 2015

MACAPAT

Tembang Macapat
Dening : Nini Klenyem
Sinta lan Trijotho ing Taman Soka
Ketawang Mijil Wigaring Tyas
Dhuh Trijotho kang ingsun tresnani
Tyas ingsun ngendhelong
Gek njur kapan sinuwun tedhake
Rawuh mapag marang awak mami
Kang nandhang prihatin
Ing kwasaning mungsuh
Wa dewi nyata pepundhen mami
Mugi kersa nyrantos
Njeng Prabu Rama Wijaya kiye
Mring Paduka sanget tresna yekti
Sabar sawetawis
Temtu rawuh ngluru
Tan pantara rawuh risang yaksi
Wuru arsa mondhong
Tandangira kekitrang solahe
Yen sinawang katon nggegilani
Nulya risang dewi
Gage nggenya mungkur
Dosomuka wurunya kepati
Pindha singa barong
Ngangsa tumuli nubruk mangsane
Nging Trijotho sawega ing gati
Marak ngarih-ngarih
Marang keng wa Prabu
Siwa Prabu sesembahan mami
Mugi karsa anggong
Yen kesesa tan sae dadose
Siwa Dewi saya tambah ajrih
Mugi karsa nyranti
Ngantos mangkeh lulut

Tidak ada komentar:

Posting Komentar