Selasa, 29 Desember 2015

BUNGAH SUSAH DIKANDHAKAKE

BUNGAH SUSAH DIKANDHAKAKE


Bapak Lan Ibu H. Sutrisna daleme ana ing sakuloning kecamatan. Putrane telu, sendhang kapit pancuran, nang, dok, nang. Kakung loro yaiku pambarep lan wuragile. Putri siji ana ing tengah.
Bapak lan Ibu Sutrisna sabrayat ngulinakake doyan gawe. Malah banjur kulina dadi kaluwarga kang sregep nyambut gawe. Bapak lan Ibu Sutrisna kulina wungu esuk. Mangkono uga putra-putrane. Tangi grEgah mesthi terus sembahyang ngaturake matur nuwun  katur Gusti, dene wis kepareng paring pangreksa ing wengine. Nuli nyenyuwun muga padha bisa nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing awan cedhake. Kasur, bantal, guling sprei, lan kemul ditata. Wong saomah tumuli obah kemrembyah nyambut gawe. Bapak nyepakake lan ngrampungake pagawean kantor kang diasta kondur. Ibu uthek ana ing pawon.
Ana sing nyapu. Ana sing nggodhog wedang. Ana sing sinau. Ana sing ngisisi kemul, bantal, lan guling. Ana sing nyebreti meja kursi. Iwan, putra pambarep, ngresiki kendharaan, cecawis ngeterake adhine sing cilik. Nita, putra panengah, wis nyapu, wis nggodhog wedang. Dheweke nyelakakeadus dhisik supaya mengko ora kesusu bareng-bareng. Dheweke nyelakake sinau, mengkoana ulangan seni musik. Uga mbiyantu lan jaga kongkonan. Atok sing cilik, wis nyekel tahu petis, turahan wingi sore. Sing sekolahe rada adoh, durung jam nem wis sarapan. Jam nem limang menit utawa sepuluh menit wis matur, “Bapak, dalem bidhal.” Bapak paring wangsulan, “ ya.” Utawa pamit Ibu, “ Bu aku mangkat.” Kala-kala nyuwun sangu, utawa ndadak nyuwun dhuwt bayaran sekolah. wose, jam setengah pitu lumrahe wis padha mangkat sekolah. kabeh wis matur nyuwun pamit bapak lan ibu.
Nuju sawijining esuk Iwan matur, “ Bapak. Ibu, mangke kula wangsul radi siyang, wonten ekstra bahasa inggris.”
Ing dina liya Nita matur, “Dalem mangke mantuk gasik. Bapak lan Ibu Guru rapat 5K.” Mangkat sekolah, menyang ngendi bae, luwih-luwih lunga adoh lan rada suwe kudu matur lan pamit bapak ibu. Iku kelebu tata krama. Prelune ora dadi golekan. Lan yen ana kanca sing nggoleki, bis adigenahake. Kulawarga bisa mranata pagawean. Bisa duwe acara kulawarga kang gumathok.
Mangkono uga mulih sekolah utawa bali saka lelungan iya enggal matur bapak lan ibu. Kuwi kaya dene minangka lapuran. Malah prayoga uga ngaturake bab-bab kang wigati. Upamane: mau ana kanca sing ora mlebu amarga lara, ana ing dalankepethuk Pak Dhe arep tindak menyang BNI 1964, Bu Guru ulang taun, lan liya-liyane. Mangkono uga ibu prelu ngendikake bab-bab kang wigati. Upamane nyritake tagihan saka PAM ( Perusahaan Air Minum) mundhak. Dadi anggone padha nganggo banyu banjur luwih ngirid. Ana utusane pak Carik, ngirimi jagung panenane, lan liya-liyane.
Bapak uga ora kari, sok-sok crita bab kaaning kantore. Bab-bab kang lucu. Pangalaman-pangalaman kang prelu disumurupi putra-putrane. Bab-bab kang ngemu pitutur, lan sapiturute.
Cekak aose, wong saomah padha sregep nyambut gawe. Bungah susah dikandhakake. Padha ngreti pengalaman siji lan sijine. Dadi, ora sepi ing tuladha. Ora sepi ing rekadaya. Bapak Ibu ngecakake tata krama. Putra-putra ora ninggal tat krama. Kabeh wong saomah, sakaluwarga, padha nindakake tata krama. Tat krama amrih uripe rahayu, basuki, raharja.


Katrangan1.      Sabrayat: sakulawarga; sagotrah
2.      Wungu: tangi
3.      Pangreksa: panjaga
4.      Ngisisi: ngangin-anginake
5.      Nyelakake: golek sela; golek lodhang
6.      Ekstra: tambahan
7.      Gasik: a. Luwih dhisik; kapara ngarep
b. resik8.      Gumathok: tartamtu
9.      Rekadaya: budidaya usaha
10.  Ngecakake: nindakake; ngleksanani
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar