Minggu, 20 Desember 2015

CERITA RAKYAT

Rawa Pening


Wong-wong ing desa iku padha masak kang sarwa enak kanggo nyiapake pesta. Kabeh padha saiyeg saeka kapti, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane, ora wangun sandhang panganggone, dedeg piadege dhuwur kencur.
Mangerti kaanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta.Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau
bisane mung nangis. Karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala lunga lan ngedoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati
amarga tansah digawe kasar, diina, diece, ditendhang, bocah ala mau nasak lurung, mlaku menyang kampung kang tanpa arah lan tujuan. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kaanane lan adoh papane saka masyarakat kanan kering. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau, bocah elek rupane dirumat dening simbah randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah, yen dheweke yaiku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinthing nerusake laku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga, Baru Klinthing weling utawa pesen marang simbah, yen mengko ana prastawa gedhe, simbah supaya numpak lesung minangka kanggo prau lan enthong minangka kanggo wilahan. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling-ngeling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha metu lan ngusir marang Baru Klinthing kanthi kasar. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada kasebut nuli ditancepake ing lemah.Wong-wong supaya ndudut sada mau, yen bisa arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru Klinthing kang kaya mangkono, wong-wong padha nesu lan nyoba njabut sada mau. Saka sing awake gedhe ora padha bisa njabut. Pungkasane, sada kajabut Klinthing lan muncrat banyu. Muncrate banyu sansaya suwe sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan golek papan panggonan kang luwih dhuwur, munggah umah, menek wit-witan dhuwur, menek wit klapa nanging banyune sansaya suwe sansaya gedhe lan ngratakake kampung mau. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, raja kaya, lan wong-wong mau padha sirna amarga oleh piwales saka tumindake dhewe. Kampung kang mirip rawa iku mau, diarani Rawa Pening.

( Kapethik saka : Cerita Rakyat Nusantara )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar