Minggu, 20 Desember 2015

GEGURITAN

Ketaman Asmara
 Dening Hannik Thoyyibah

Dhuh kang mas gegondhelaning ati
Mung sliramu sing tak tresnani
Hamung tekamu sing tak enteni
Elinga marang adhimu iki
Kang tansah setya ngenteni sliramu
Nadyan awak kang wis ora kuasa
Nadyan bumi kasigar dadia pira       
Adimu iki ora bakal mlayu
Adimu iki Ora bakal lali

Marang janji kang wis dicekel nganti tekane pati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar