[
, ] Koma,
Dening Lesta Aristia
Sejatine durung pungkas
Sayektine iya ora ana kang bisa digagas
Purwa iya ora
Akhir apa maneh
Wong iki amung koma
Ora eka, ora eko
Ora dwi,
Ora tri, ora catur
Apa maneh panca
Mbok sadasa
Nyata ora
Ya mung koma
Ora ana pratandha pitakon ?
Ora ana pratandha akon!
Iki amung koma
Urip ora
Mati iya ora
Tak ambali maneh
Iki amung koma,
Komaning manungsa
Ing antarane urip lan patine raga
Iya ana ing ateges koma
Rupane sabangsa memala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar