Raden Kumbakarna
Ing negari Ngalengka ingkang jumeneng nata jejuluk Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan rayi tiga. Rayu cerawujud raseksa gung aluhur name Raden Kumbakarna. Rayu sumendhi estri, name Sarpakenaka, ugi arupi raseksi. Dene rayi wuragil satriya bagus laus kekasih Raden Gunawan Wibisana.
Sami-sami raseksa, watak wantunipun Raden Dasamuka kaliyan Raden Kumbakarna punika beda sanget “kaya bumi karo langit”. Raden Dasamuka asor bebudenipun, ambek adigang, adigung, adiguna, daksiya dhateng sesamining dumadi. Wondene Raden Kumbakarna bebudenipun luhur, remen nggayuh kautemen, bekti dhateng asepuh, tresna dhateng nusa lan bangsa.
Nalika badhe wonten perang ageng mengsah Prabu Ramawijaya, Raden Kumbakarna boten kendhat-kendhat atur pemut dhateng ingkang raka, bilih ingkang lepat punika saestunipun ingkang raka. Lepatipun dene kumawi ndhustha Dewi Sinta, garwanipun Sang Prabu Ramawijaya. Kagalih ngrencangi mengsah, Raden Kumbakarna dipun dukani kathah-kathah, dipun umpah-umpah bebasan “entek ngamek kurang golek”, sarta dipun undhamana anggenipun sampun kersa mukti wibawa wonten negari Ngalengka nanging kirang bekti dhateng kadang sepuh sarta kirang labih labetipun dhateng nusa bangsa. Mireng dukanipun ingkang raka, Raden Kumbakarna klepat kesah, tapa sare.
Perangipun wadyabala Ngalengka kaliyan bala wanara wadyabalanipun Sang Prabu Rama sakalangkung rame. Negari Ngalengka risak abosah-bosih. Ing pabaratan sasat banjur ludira, malah lajeng mbalabar mlebet ing salebeting puri. Dalasan papan paleremanipun Raden Kumbakarna ugi kebanjiran ludira, njalari Raden Kumbakarna lajeng wungu.
Kocapa, sareng wuninga risakipun Negara saha kawula ing Ngalengka, Raden Kumbakarna lajeng kegigah penggalihipun. Ciptaning galih, Raden Kumbakarna badhe mangsah yuda mbelani nusa bangsa. Antebing tekadipun: negari Ngalengka tilaranipun suwargi ingkang rama badhe dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira. Saestu, Raden Kumbakarna kapupu madyaning rana netepi darmaning satriya tama.
sumber: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar