DIDHAWUHI IBU GURU
Pinuju ngaso Ibu Guru Yayuk nimbali
Martini. Martini didhawuhi njupukake buku kang keri ana ing meja guru.ibu Yayuk
ngendhika, “Tini, menea sedhela!” sing ditimbali age-age mara nyedhak, ngadeg
jejeg, tangane tumata, ngapurancang,
polatane sumeh, banjur matur, “
Punapa Ibu?”Anggaone matur Martini swarane lirih, nanging cetha, lagune luwes
kepenak.
Ibu Yayuk mbacutake ngendikane,
“Jupukna buku ing meja guru!” sing didhawuhi enggal-enggal njupuk buku, nuli
bali matur, “Punika, Bu.” Matur mangkono iku karo ngaturake buku, awake rada
mbungkuk. Dene buku kang diaturake kuwi sadurunge wis diwalik. Dadi, semangsa
Ibu Yayuk nampani, terus bisa maca tulisane, ora usah diwalik.
Ibu Yayuk nampa buku, mustakane
manthuk sathithik, karo ngendika, “Ya, matur nuwun.” Martini matur,
“Sami-sami.” Ibu Yayuk nuli minger tindak menyang kantorkepala sekolah. Martini
rada mbungkuk maneh nguntabake tindake
Ibu Yayuk.
Sapa bae sing nyumurupi, krungu, lan
ngalami kedadeyan ing dhuwur kasebut bisa seneng, marem, lan tentrem. Ibu Yayuk
lan Martini uga melu seneng, marem, lan tentrem, bisa padha sesrawungan nganggo
tata krama, lan uga wis kabukten manawa tata krama kuwi bisa gawe tentreming
bebrayan. Bebrayan kang tanpa tata krama mesthiora bisa tentrem.
Ngaturake majalah, koran, buku, lan
layang diwalik luwih dhisik. Sing nampa banjur bisa maca, ora ndadak malik.
Mangkono uga tuladha liyane. Ngaturake peso, pukul besi, cethok, pacul, lan
barang-barang kang mawagaran, ditata luwihdhisik, sing nampa kepenak, terus
bisa nyekel garane. Aja malah garane dicekel dhewe. Sing nampa banjur rekasa
nyekel pucuk peso, cethok, lan liya-liyane. Kang kasebut karikuwi jeneng ra
nganggo tata krama.
Coba saiki mangkene:
1.
Njupukake
buku, majalah, koran, lan barang-barang kang ana garane. Wenehna kancamu kuwi
enthane Ibu Yayuk utawa Bapak Guru paryana. Tindakna gentenan!
2.
Tirokna
patrape Ibu Yayuk lan martini ing dhuwur. Gegentenan sing dadi Ibu Yayuk lan
sing dadi Martini.
Katrangan
1.
Ngapurancag:
driji mlebu sela-selaning driji, kaya kapurancang
Kapurancang: pager wesi utawa pring pucuke lancip-lancip
2.
Sumeh:
sumringah; padhang (ulate)
Nguntabake: ndherekake banjur ali; ngeterake nganti mangkat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar