Dening: Hannik Thoyyibah
“Wis wayah
rendheng kok durung udan-udan ya,,,,,?”
“Ya ora bakal
ana udan Yu,,,, wong ana prawanan meteng kok,”
“Lho masak ta
Yu,,,,, sapa ta sapa, “
“Lha kuwi ta
bocahe liwat,” mengkono clathune ibu-ibu ing Dhusun Srirojo sawektu weruh Sri
liwat ing ndalan.
Krungu
clathunan kaya mangkono Sri anggone mlaku dicepetake. Jaritte dicincing dhuwure
sadhengkul kaya-kaya ben wis ora ana maneh sing nyrimpet mlakune. Ing ndalan
Sri kaya wis ora kuwat maneh ngempet tangise. Eluhe rasane wis meh bobol,
mripate wis ora kuat mbendung. Tekan omah Sri nangis nggerung-nggerung,
mingseg-mingseg sesenggrukan ora mandheg.
“Keneng apa ta
ndhuk, anakku?” pitakone Mbok Sariyem marang Sri.
“Kae lho, Mbok
tangga-tangga,” Sri turu ana ing pangkune mbokke.
“Yawis ben
ndhuk dijarke wae, tangga-tangga ki padha ora ngerti kahanan sing sebenere ki
kaya apa. Kahanan kaya mangkene iki ya sapa ta sing gelem. Iki rak ya wis
takdire Gusthi ta ndhuk,” Mbok Sariyem ngayem-ayem anakke sinambi ngelus
rambute.
“Inggih, Mbok” Mbok Sariyem nerusake
gaweyane.
Mbok Sariyem
iku randha tuwo ing Dhusun Srirojo. Pagaweyane mung tani ing sawah. Sajake wong
ora pati kacukupan, mula dheweke uga sok nyambut gawe liya. Yen wayah panen
durung teka Mbok Sariyem ngiwangi njaga tokone Pak Lim china sugih ing kono. Mbok
Sariyem anggone urip ijen wis suwe. Kepara wis meh 15 taunan, awit saka Sri
umur3 taun wis ditinggal bapakke.
Ora krasa anakke Mbok Sariyem wis gedhe, wis dadi prawan. Bocahe ayu,dhuwur, lan linggak-lingguk awakke. Ora aneh yen kabeh wong lanang padha ngincer Sri. Kepingin ngecem manise bocah prawan iki. Amerga ayune kuwi, Sri lan Mbok Sariyem ya uga rada disengiti karo tangga teparone. Mula, apa-apa sing ana gegayutane karo keluwarga iki mbok sethithik wae ya dadi gedhe.
Sri esih nangis
ing jero kamar. Dheweke pancen getun marang lelakon kang wis kebacut ing
awakke. Sri malah kelingan terus nalika kadadean iku kelakon. Dheweke ora bisa
nglalikake kahanan kaya mangkono. Aja tah ngalilakake arep ngilangi bayangane
wae ora bisa.
Bengi iku Sri
lagi wae mulih ngaji saka langgar. Dheweke karo kanca-kancane mlaku bareng tumuju
ngomah. Ananging ing wektu iku Sri ora bisa langsung mulih ngomah. Dheweke
dipeseni Mbokke ngancani ing tokone Pak Lim. Langgar karo omahe Pak Lim iku
adoh banget. Kudu nglewati towang-towang kang sepi. Wektu iku Sri lagi wae
mlaku tekan towang kang kapisan. Dheweke mung ijen. Sri rumangsa kaya ana sing
ngetutna. Nanging, saben Sri noleh memburi ora ana apa-apa, anane mung lakune
tikus kang pating jrunthulan.
Saya suwe atine
saya ora penak. Rumangsane sing ngetutna saya cedhak padhahal omahe Pak Lim
esih adoh. Mlakune Sri dicepetake, jangkahane amba-amba kaya-kaya kareben cepet
rampung olehe keweden. Ing tengahing towang ujug-ujug ana pawongan lanang gedhe
dhuwur ing mburine Sri.
“Arep menyang ngendi Sri, bengi-bengi ngene kok dhewekkan apa
ora wedi ?” pitakone wong lanang.
“Ah,,,, sampeyan ta Mas takkira sapa. Iki lho arep menyang ing
ngomahe Pak Lim mas Mbok nyuwun direncangi. Lha sampeyan arep menyang ngendi
Mas ?”
“Iki lho arep ing omahe Parjo. Ayo bareng wae.”
Kekarone mlaku
bebarengan. Sri pancen wis cedhak karo Slamet. Dhasare Sri iku wonge grapyak
karo wong, Sri karo Slamet pancen ya nduweni rasa uga. Mula Sri seneng banget
menawa bisa bareng karo Slamet. Saking asyikke geguyonan kekarone ora krasa yen
wis nyedhakki omahe Parjo. Banjur Slamet pamit marang Sri.
Sri ngrasakake
bungahing manah kang ora karuan. Ora ngira yen bisa mlaku lan geguyonan karo
Slamet. Ing satengahing lakune, Sri esih kelingan terus marang Slamet. Suwe-suwe
Sri sadhar yen dheweke tekan ing tengahing towang. Kahanan ing kono sepi banget
ora ana apa-apa. Ing kono Sri kepethuk grombolan wong lanang.
Tekan kono
lamunane Sri mandheg. Dheweke nangis banter, amerga ing kono kaormatane Sri
ilang dijupuk wong lanang-lanang bejat kang ora tanggungjawab. Wektu iku Sri wis njerit-njerit njaluk
pitulungan. Nanging, jenenge ing tengahing towang kang sepi, njerit bantera
kaya apa ya ora bakal keprungu wong. Sri mung bisa pasrah, kaormatan sing
dijaga-jaga ilang, muspra sakedhiping mata.
Pancen wis nem sasi luwih dhusun
Srirojo nemahi mangsa ketiga. Kali-kali padha asat, sumur-sumur padha garing,
lemah padha mlekah nganti nusupke sikil. Godhong-godhong padha gogrog entek
tumiba kena playune angin. Hawane panas brangas saya suwe saya kebrangas. Para
warga uga wis padha bingung arep ngangsu banyu ana ing ngendi maneh merga kabeh
sumbering banyu wis asat, garing. Arep gawe ngombe sesuk wae kaya-kaya wis ora
ana pangarepan maneh. Kahanan kaya mengkono iku ora kaya biyasane. Umume mangsa
ketiga iku ya mung telung sasi. Ananging, mangsa ketiga iki malah wis ngancik
nem sasi luwih. Apa bener iki jalaran saka lelakonku wingi? Merga lelakon iku
uga aku saiki dadi prawan meteng ing Dhusun Srirojo, mula nggawekake murkaning
Gusthi banjur Dhusun Srirojo diukum kanthi ora ana udan tekan seprene ? paring
pangapunten Gusthi..... Sri banjur keturon kanthi awang-awangan pitakonan kang
kaya mengkono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar