PAK WI MUNG PLINGAK PLINGUK BAE
Dina kuwi
mbeneri wulngan kang kaping lima. Pak Wiayna ngasta Matematika. Anggone
nerangake cetha. Bocah-bocah gampang ngreti. Keep diselingi lelucon. Pak Wiyana
pinter nglucu. Bocah-bocah padha ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging, yen pinuju serius, wah, ya, ngana kae ora ana sing cemuwit, kabeh mikir padha migatekake.
Pak Wiyanan
neragake karo ngasta alat peraga. Banjur nulis ing blabag. Bocah-bocah
diparingi latihan. Yen sajak ana bab-bab kang durung dipahami, nuli dibaleni.
Pak Wiyana pancen titen, angger bocah-bocah pada meneng bae, katon
plonga-plono, mripate kethop-kethop; iku tandhane bocah-bocah durung mudheng,
durung dhing. Mula, Pak Wiyana banjur kanthi sabar lan alon cetha mbaleni
nerangake maneh. Bocah-bocah nuli padhang ulate, tandha yen wis bisa nangkep
isining wulangan.
Ora kajarag
astane PakWiyana nggaruk pangarasane. Pangarasane dadi aneh, kecorengan kapur.
Bocah-bocah padha ngguyu. Pak Wi mung plingak-plinguk bae, ora priksa apa kang
padha digeguyu. Bocah-bocah pancen ngerti sarta nyumurupi. Ana sing arep ngelokake,
nanging ora wani. Anan sing isin matur. Ana sing arep matur, nanging ora ngerti
kepiye tembunge. Endah kaya-kaya arep matur, nanging nyatane ora kawetu; mun
tangane ba cekothang-cekathung
didemek-demekke pipine.
Jaka
mikir-mkir sedhela. Sawise ketemu banjur ngacung terus matur.
“Nuwun
sewu, Bapak, pangarasan panjenengan wonten kapuripun.”
Pak Wi
mesem karo ngusapi pangarasan sisih kiwa nganggo asta kiwa. Bocah-bocah saya
ger-geran, amarga sing gupak kapur kuwi sisih tengen. Pak Wi gumun, bocah-bocah
kok malah saya rame gyune. Endah mbengok karo ngemek pipine tengen.
“Tengen,
Pak!”
Isih diguyu
murid-muride. Pak Wi ngusapi pangarasane kang gupak kapur. Nuli ngendika,
“Matur
nuwun Jok, matur nuwun Endah, meh bae aku dadi kethoprak.”
Ora let
suwe bel ngaso kapindho. Sabanjure kedadeyan kasebut ora bisa dilalekake dening
bocah-bocah. Lan kang banget wigati
bocah-bocah banjut ngreti carane ngelokake, upamane:
1.
“Nuwun sewu, Ibu, kag8nganipun
pulpen kentun.’
2.
“Nuwun sewu, Bapak, agemanipun
lancingan kenging mblethok.”
3.
“Nuwun sewu, Bapak, nomer tiga
kalangkungan.”
Lan
liya-liyane.
Katrangan
1. Ngasta: mulang; nggawa
2. Kepingkel-pingkel: kekel
3. Serius: tenan; temenan (Inggris: serious)
4. Cemuwit: nyuwara mak cuwit
5. Pangarasan: pipi: papan ngaras (ngambung)
6. Nyumurupi: meruhi; weruh; sumurup; sumerep
7. Ngelokake: alok; ngandhakake
8. Cekothang-cekathung: obah-obah munggah
9.
Wigati: prelu banget; penting
Tidak ada komentar:
Posting Komentar