Senin, 21 Desember 2015

GATHOTKACA

 Lairipun GathOtkaca



            Raden Gathotkaca satriya ing Pringgadani, gagah prakosa sekti mandraguna, tinatah mendat jinara menter. Kacariyos, Raden Gathotkaca otot kawat balung wesi sungsum gegala, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron.

            Kala lairipun, Raden Gathotkaca sampun damel ribetipun tiyang sepuh lan kulawarga. Kala semanten boten wonten dedamel ingkang tedhas kangge ngethok puseripun. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang sampun kondhang landhepipun, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gatotkaca.

            Raden Wrkudara judheg penggalihipun. Puseripun Raden Gathotkaca mbadal saliring dedamel. Raden Werkuara lajeng minta sraya dhateng nata ing Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna, paranparanipun kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan nyuwun ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan. Gegancangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng Kahyangan Jonggring Salaka. Kuciwa, Jawa sampun kelajeng maringaken senjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna cuwa ing galih lajeng pamitan wangsul, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Gaman kenging karebat, Raden Harjuna lajeng gegancangan wangsul.

            Dumugi ing griya dedamel lajeng dipun aturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming rangkanipun. Prabu Kresno paring dhawuh, “Dhimas Sena! Aja cilik atimu, Yayi! Kersaning Jawata pancen kudu ngono kuwi. Najan iku mung rangka, nanging bisa mrantasi. Mara age tamakna, Yayi! Sing waspada ya, Dhi!”

            Ampi dhawuhipun Ingkang Raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrkudara boten tidha-tidha. Rangka lajeng katamakaken ing puser. Sanalika puser pedhot, ari-ari musna, rangka sirna manjing ing puseripun jabang bayi. Raden Wrkudara kodheng, lajeng ngendika, “Jlitheng kakangku! Iki piye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ikole kowe, heee!”

            Dhasar Prabu Kresna pangayoming titah sabumi, boten kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon, “Sareh, sareh, Yayi. Pun kakang ora maido yen sliramu padha kodheng. Coba padha mirengna ya, Dhi, ya! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris menawa rangka iku kudu musna manjing ing pusere putramu, sarta dadi sipat kandele. Nanging wanti-wantine pun Kkang, besuk lamun ana curiga ngupadi rangka, Si Adhi kudu waspada. Putramu singitna, ya Dhi!”


            Pangandikanipun Prabu Kresna adamel cumeplongipun Raden Werkudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala semanten Jawata ugi lajeng rawuh mertakaken punang jabangbayi ingkang ngantos nuwuhaken gara-gara  punika. Saking keparengipun para jawata, jabang bayi kapundhut ngampil dipun asta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipun dandosi. Ingkan suwau arupi denawa, sareng dipun dandosi malih dados satriya bagus sarta sekti mandraguna.

            Kala semanten Raden Gathotkaca malah lajeng dipun minta sraya dening Jawata, kadhawuhan numpes parangmuka ingkang bahde ngobrak-abrik Kahyangan Jonggring Salaka. Raden Gathotkaca unggul yudanipun. Mengsahipun para Jawata bibar mawut boten kiyat nandhingi pangamukipun Raden Gathutkaca.

            Sasampunipun purna anggenipun dados srayanipun Jawata, Raden Gathotkaca lajeng dipun teraken wangsul dhateng ngarcapada, dipun pasrahaken dhateng ingkang rama Raden Werkudara saha ingkang ibu Dewi Arimbi. Para Pandhawa sakadang warga dalah nata ing Dwarawati Prabu Sri Bathra Kresna sami asuka-suka bojana andrawina, minangka atur panuwun dhateng Ingkang Murbeng Dumadi, denesampun kaparingan nugraha, arupi momongan inggih pun Raden Gathutkaca.


sumber: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar