Senin, 21 Desember 2015

CERKAK

Tibane Pati
Dening Lesti Aristisia

Menawa lagi wayah awan kaya mangkene iki, aku banjur kelingan jenate bojoku, Pak Pardi mantan tukang jait sing kondhang ana ing desa kene Sidomakmur RT 01 RW 05. Wonge bagus gedhe dhuwur nanging rada ireng, tapi kabeh kuwi ora ngowahi gagahe. Wis sepuluh taun bojoku sesandingan karo Gusti sing Maha Agung. Saiki aku dhewe ana ing gedhong tinggalane bojoku biyen, kahanane ya isih padha meja kursine, cat-catane, tatanane, sak kabehane. Sak bubare aku ditinggal bojoku aku kudu golek dhuwit dewe, wong sak jroning patang puluh taun aku omah-omah karo Kang Pardi gusti ora paring percaya kang arupa anak marang aku. Ananing aku esih sabar amerga bojoku ora tau protes, bojoku nampa aku apa anane, setya.
Kahanan esih panas banget, dene wedhang teh, sega, karo jangan wis cumawis ana ing jejer paturonku. Sunu kae, adhi ipku sing nyawisake. Aku karo Sunu omahe jejeran ya Sunu kuwi sing tekan saiki setya ngopeni lan ngladeni kabutuhanku, ananging dheweke menawa awan lunga menyang pasar dodol klapa ngrewangi bojone. Dadi ya menawa awan ngene iki aku dhewe.

Rasane ngelak ora karuan, awakku ya sumuk tapi kok kringete ndrejes wae, aduh Gusti kena apa iki? apa pancen gara-gara penyakitku? Aku ya ora ngerti. Wis seminggu iki aku mung bisa nglekar ana peturon, awake lemes banget ambegane sesek,  Awakku pacen kaitung rada gedhe, aku duwe lara asma dhek sesasi kepungkur kae kandhane bu dokter. Rasane kaya wis ora apak kuwat duh gusti, wis ora duwe bojo, ora duwe anak. Ya ngene iki, lara wae ya nana sing ngopeni. Nana sing ngurusi, ya wis Gusti aku pasrah.
“aku tiba... aku tiba” suwara kayak mengkono krungu tekan omahe Ratih tanggaku, aku sengaja bengak-bengok pas aku tiba, karepe ben ana sing nulungi, amarga aku ya wis ora kuwat  kon tangi maneh. “ya Allah mbah wonten menapa panjenengan?” cature Ratih tumekane sandingku “mas-mas reneya iki mbah Surani tiba” suwarane Ratih ngegerke bojone“iya dhik” srapat Agus bojone Ratih langsung gregah nulungi mbah Surani.
Sak bubare aku tiba kuwi, kahanan awakku sansaya lemes, sansaya ora kepenak, malah ketambahan ora enak leh mangan. Dadi aku ya ora tau mangan. Dasare ya pancen ora ana sing ngurusi, sapa maneh sunu wae ya ana pasar wae, aku arep ngena-ngene iya ora kepenak. Wong sunu kuwi amung adhi ipe menawa karo aku, sakjene aku ya kepengin menyang dokter maneh karepeben malane aku iki ndang cepet mari. Naning sakjrone aku lara aku ora bisa ning pasar dodolan rupa kangkung, bayem apa apa wae sing bisa tak kulak banjur tak iderake maneh, nek aku ora dodol aku ya mesthi ora duwe dhuwit, wong bojoku ya dudu pegawe sing duwe pensiyunan bojoku amung buruh njait ing jaman semana, lha terus kepriye apa aku arep jaluk? Arep jaluk sapa? Anak ora duwe. Sedulur ya rumangsane amung ing lambe, kasunyatane wis ora ana sing peduli marang aku randha tuwa sing ora ana ajine, ketambahan maneh ora ana anake.
            Rasane awakku wis tambah ora kepenak maneh awakku lemes banget malah ketambahan awakke linu-linu dadi ya tambah ora bisa polah akeh, awan iki prungsang banget. Awakku tapi rasane anyes jejes, ning tangan iki isih ana cincin siji awehane bojoku jaman biyen rikalane nikah aku, mbok menawa bisa nulung aku, sesuk jajal tak akon tanggaku kae, Ratih sing biasane gelem nglongak-nglongok rene kae tak kon ngadolake cincin iki banjur duite arep tak gawe lunga menyang dokter, tak pesen karo ratih sisan menawa tak kon mesenake tukang becak supaya bisa ngeterake aku ana ing dokter tangga desa kana, pamikiranku ana ing jero ati.
“Sampun dhahar mbah?” suara wong wadon sing kirane umure esih telungpuluh limanan taun kuwi sakkutika nggugah turuku sing pancen wis asli rada ora kepenak. “wis ndhuk, reneya dhisik cah ayu” saurku “inggih mbah wonten menapa?” semaure Ratih karo njagok ana ing sandingku. “ndhuk aku tak jaluk tulung ya, iki ali-ali tulung mbok adolake kae surate ana ing lemari tulung jupuka rene, iki kuncine.” Ature mbah surani kanthi lirih “inggih mbah, menika mbah seratipun mangga”. “cah ayu maturnuwun ya tulung didolake banjur aku tak sekalian pesen, tulung sesuk pesenake becak ya, dikon rene sakwise ana dhuwit saka adol ali-ali kuwi, aku kepengen presan awakku sajake wis tambah ora kepenak maneh, embuhlah tih mbok menawa gari ngenteni esuk sorene.” Sambate mbah surani kanthi memelas “mbah boten pareng ngendika kados mekaten mbah dene gesang uga sedanipun manungsa menika amung gumantung wonten ing astanipun Gusti ingkang Maha Agung mbah, inggih mbah mbenjang kula tak menyang pasar mbah, inggih sampun nggih mbah kula pamit rumiyin.”
Hawane esih rada anyes, rikalane esih jam wolu esuk, Ratih karo tukang becak wis ana ing ngarep omahku, banjur aku dicekeli karo Sunu lan Ratih tangi sak peturon banjur numpak becak, dina iki kedurusan aku menyang dokter mugaa iki dadi lantaran warase awaaku. Aku lunga jejeran karo Ratih amarga Sunu kudu nunggoni dagangane ana ing pasar. Tumekane dokter aku banjur dituntun maneh karo Ratih mlebu ana ing ruang priksa. Ing kana aku di priksa dening Pak Dokter banjur diparingi obat, rasane ati rada ayem wis kedurusan anggonku pengen presan ana ing dokter.
Alhamdulilah gunemanku ana ing jero ati, matur nuwun duh Gusti isih ana menungsa sing gelem nulungi aku, iya aku randha tuwa sing wis ngenteni isuk bengine. Kahanane wis awan nalikane aku tekan ana ing omahku maneh, tapi dadaku kok tambah sesek, ratih sing esih ana ing jejerku banjur tak omongi“bo.. cahh.. aaa... yyyuuu.. matur nuwun” karo rada sesek anggonku omonga. “Inggih” ature ratih marang aku sak uwise aku dicandhak banjur di turoake maring paturon maneh” “ora usah kesusu cah ayu.. ree.. nee,, ya.. tak omongi” “wonten menapa mbah?” aku iki pancen randha tuwa sing wis ora duwe apa-apa, tapi iki ana ali-ali telu maune nanging gandeng sing siji wis tak dol banjur gari loro iki tulung menawa aku dipundhut dening sing kuwasa mbok keake adhiku sing paling ora duwe kae, Juki. Omongake ali-ali iki di kon ngedol banjur dhuwite gawe simpenan sekolahe anake sing ragil kae, iki surate nduk tampanana”. “mak dheg atine Ratih ora ngerti kudu ngomong apa maneh, ya mung sak kecap kuwi “inggih” “yawis rana baliya, aku tak turon maneh rasane kok ngantuk”. Maneh Ratih mung ndongop ora kumecap banjur metu.
Kapan ya adhiku Juki kae tilik mrene, sajake apa ora ngerti menawa aku esih ora penak awake? Pikirku ngelingi adhi lanang siji kae. Wong ya paling cedhak, ndak lagi akeh gaweyan? Ah.. embuh. Ora pancen wong ora duwe anak kuwi, kaya aku iki, gunemku ing jero ati. Dhewe.. sepi... mak lap aku turu.
“Inalilahiwainailaihirojiun” tetembungan kaya mengkono keprungu saka salah sijining surau, mak dhat Sore kuwi Mbah Surani ora ana, Ratih kaget, banjur langsung nyepak, melu nyuceni banjur nyolati. Dene Juki esih nangis, ora leren. Gela.. gela aku micarane Juki karo miseg-miseg nangis. Mbak yu ku siji, durung sempet aku ngopeni wis ora ana, gelane ya Gusti, ngapurane ya Gusti. Juki nangis ora leren pungkasane ora sadar.
Kahanan rada mendhung nalikane kuwi, mbah surani tetep di sarekake. Juki Mbak Sunu ya melu ngiring ana ing pemakaman. Tangga teparo ora lali ngiring tekane pemakaman. Bubar kuwi wis mbah surani wis nyusul bojone ing kana alam baka, sandinge Gusti kang ngrumeksa ing bumi.
Wis bubar pitung dina Ratih nemoni kang Juki, “kang aku di titipi iki karo jenate mbah Surani, sanjange iki ana ali-ali telu di kon ngowehake sampeyan di kon gawe sekolahe anak-anake panjenengan”.Uluhe kang juki wis kaya kali banjir, ora kena di bendung mili deres. “Duh Gusti ngapurani aku sing ora bekti marang sedulur siji mbak ayu ku, mbak Surani”.

.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar