Jaka Kendhil
Mbok Randha Dhadhapan duwe anak lanang siji jenenge Jaka Kendhil. Jaka Kendhil ala rupane. Cendhek, ireng, tangane kwaga, wetenge bekel, gegere wungsu, lan ora duwe gulu. Mula dijenengake Jaka Kendhil, jalaran rupane memper kendhil.
Lelakone Jaka Kendhil akeh sing lucu-lucu, ngguyokake. Tau, ana wong duwe gawe kentekan wadha sing arep kanggo madhahi panganan lan lelawuhan. Wong mau noleh ngiwa nengen, weuh kendhil gumlethak. Ora sranta kendhil dijupuk dianggo madhahi ragi. Wayahe wong mau arep nyuguh tamune, kendhil wadhah ragi kuwi digoleki ora ketemu. Bareng wong mau opyak, ana sing kandha Manawa mau ana kendhil mlaku-mlaku ana ing kono. Tibake, kendhil sing mau disaut kanggo wadhah ragi kuwi jebul si Jaka Kendhil.
Senajan ala tanpa rupa, nanging ing bab jejodhoan Jaka Kendhil dhuwur gegayuhane. Jaka Kendhil kepengin kapundhut mantu ing ratu. Upama ora saka kersane Sing Murbeng Dumadi, nglengkara gegayuhane Jaka Kendhil bisane klakon. Gegayuhan kaya gegayuhane Jaka Kendhil kuwi umume klebu ing paribasan, cebol nggayuh lintang, cocak nguntal elo, utawa: ketepang nrangsang gunung. Nanging giri lusi janma tan kena ingina. Yen Gusti Kang Murbeng Dumadi ngersakake, ora ana kedadean kang ora bisa klakon. Ndilalah, putra wuragile Sang Prabu, nalika dilamar Jaka Kendhil, jebul saguh. Waton, Jaka Kendhil bisa mbatang cangkrimane Sang Putri.
Wong begja ora kaya Jaka Kendhil. Cangkrimane Sang Putri, sing wong umum padha ora bisa mbatang, tumrape Jaka Kendhil sepele. Paribasane empol pinecok, udhar-udharane gampang, bebasan suwe mijet wohing rati. Ringkesing carita, ing sarehe Jaka Kendhil bisa mbatang cangkrimane Sang Putri, Sang Putri banjur didhaupake karo Jaka Kendhil.
Nggumunake. Nalika dianakake upacara siraman, disiram sepisan cahyane Jaka Kendhil malih kaya tanggal sepisan, disiram pisan cahyane malih kaya tanggal loro, disiram ping telu, ping papat, ping lima, lan sateruse disiriam ping limalas, rupane malih dadi satriya bagus mulus, pawakane ngiring sungsang, cahyane sumorot kaya bulan purnama. Sekawit ora ana sing ngira, Manawa Jaka Kendhil anak angkate Mbok Randha Dhadhapan iku, sejatine Raden Panji Inu Kertapati putra Kedhiri. Dene Sang Putri, calon sisihane Jaka Kendhil iku, ora liya Dewi Galuh Candra Kirana, garwane Sang Panji piyambak.
sumber: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar