NUNUK MATUR
Kaya adate, sawise padha ngrungoke katerangane Bapak Guru
Sudarma, bocah-bocahpadha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi pada sinau IPA.
Dumadakan Nunuk
kabelet nguyuh. Sejatine wis sawetara krasa, nanging diempet bae. Saiki wis ora
bisa tahan maneh. Mula banjur ngadeg, klambi lan roke ditata. Mlaku alon
menyang ngarep kelas, nyedhaki Bapak Guru Sudarma. Nunuk mandheg, ngadeg jejeg,
tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang Bapak Darma, “Nuwun
sewu, bapak, kaparenga nyuwun pamit, dhateng wingking sakedhap.” Nunuk matur
alon, lirih, nanging cetha. Karo aake dibungkukake sethithik.
Bapak Sudarma manthuk lan ngendika, “Ya.”
Nunuk mbungkuk sethithik, mundur, banjur minger lunga menyag pakiwan.
Ora ngerti rong menit Nunuk wis bali mlebu kelas. Mlaku alon,
lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Nunuk matur, “Sampun, Bapak. Matur
Nuwun.”
Bapak Sudarma manthuk lan ngendika ngucapake tembung
padha-padha. Nunuk banjurbali menyang palungguhan.
Kasebut iku tata kramane bocah sing ana ing jero kelas
kapeksa perlu met. Nyuwun pamit luwih dhisik marang Bapak Guru. Sawise diparingi
idin, lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung prelune, nuli matur minangka
caos lapuran, lan ora lali ngaturake matur nuwun, den wis diparingi idin. Mangkono
kuwi carane lan tata kramane. Dadi, oa prayoga yen nganti diempet, nganti lara
wetenge, lan sapanunggalane. Wose, bocah-bocah kudu kulina matur terus terang. Sadurunge
iya matur, mangkono uga sawise uga matur.
Mneh tuladha. Saka ngomah
ditipi bapakmu, didhawuhi ngaturi kalender anyar katur Bapak utawa Ibu Guru. Kowe
kudu matur, “Bapak Guru, keparenga atur, punika kula dipuntitipi bapak, ngaturi
kalender kagem Bapak Guru.”
Lan yen wis kelakon kokaturake marang Bapakutawa Ibu Guru,
mengko kowe iyakudu matur marang bapakmu, upamane mangkene, “Bapak, kalender
sampun kula aturaken Bapak Guru. Kala wau lajeng dipunbikak, dipunpriksani
gambaripun. Bapak Guru remen sanget. Bapak Guru matur nuwun kagm Bapak.”
Katrangan
1.
Gladhen:
latihan; lantihan
Digladhi:
dilatih; dikulinakake
2.
Dumadakan:
ndadak; ujug-ujug; ora kanyana-nyana
3.
Kebelet:
kesusu; enggal-enggal arep
4.
Ngapurancang:
kaya kapurancang (pager wesi utawa pring, pucuke lancip-lancip); driji mlebu
sela-selaning driji
5.
Sumeh:
sumringah; padhang (ulate)
6.
Pakiwan:
kamar mandi; wc; papan sisih kiwa
7.
Tuladha:
conto; tepa; palupi; darsana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar