Selasa, 29 Desember 2015

MARAKAKE DAWA UMURE

MARAKAKE DAWA UMURE


Wis tau dikandakake menawa tata krama kuwi tumuju marang karaharjaning urip. Raharja slamet. Slamet awake, slamet kulawargane, slamet bebrayane, slamet bangsa lan sesamane, lan slamet jagadsakabehane iki.
Yen wis suwe ora ketemu, ora nulis layang, semangsa ketemu utawa kirim layang, nakokake kabare. “rak ya padha slamet ta?” “Kepiye kabare? Padha basuki ta?” “Mugi-mugi sami ginanjar wilujeng.” Mangkono sapiturute.
Kaslametan kuwi ana lan akeh gendeng cenenge karo rekadayanemanungsa. Lan iku wujuding kanugrahaning Gusti. Kaslametan gegayutan karo kasarasan. Kasarasan sambung karo karesikan. Mangkono sabanjure. Yen cara saiki sambung rapet karo K5 utawa 5 K, yaiku, katentreman, karesikan, katertiban, kaendahan, lan kakulawargan.

MACAPAT

Tembang Macapat
Dening : Nini Klenyem
Sinta lan Trijotho ing Taman Soka
Ketawang Mijil Wigaring Tyas
Dhuh Trijotho kang ingsun tresnani
Tyas ingsun ngendhelong
Gek njur kapan sinuwun tedhake
Rawuh mapag marang awak mami
Kang nandhang prihatin
Ing kwasaning mungsuh
Wa dewi nyata pepundhen mami
Mugi kersa nyrantos
Njeng Prabu Rama Wijaya kiye
Mring Paduka sanget tresna yekti
Sabar sawetawis
Temtu rawuh ngluru
Tan pantara rawuh risang yaksi
Wuru arsa mondhong
Tandangira kekitrang solahe
Yen sinawang katon nggegilani
Nulya risang dewi
Gage nggenya mungkur
Dosomuka wurunya kepati
Pindha singa barong
Ngangsa tumuli nubruk mangsane
Nging Trijotho sawega ing gati
Marak ngarih-ngarih
Marang keng wa Prabu
Siwa Prabu sesembahan mami
Mugi karsa anggong
Yen kesesa tan sae dadose
Siwa Dewi saya tambah ajrih
Mugi karsa nyranti
Ngantos mangkeh lulut

BUNGAH SUSAH DIKANDHAKAKE

BUNGAH SUSAH DIKANDHAKAKE


Bapak Lan Ibu H. Sutrisna daleme ana ing sakuloning kecamatan. Putrane telu, sendhang kapit pancuran, nang, dok, nang. Kakung loro yaiku pambarep lan wuragile. Putri siji ana ing tengah.
Bapak lan Ibu Sutrisna sabrayat ngulinakake doyan gawe. Malah banjur kulina dadi kaluwarga kang sregep nyambut gawe. Bapak lan Ibu Sutrisna kulina wungu esuk. Mangkono uga putra-putrane. Tangi grEgah mesthi terus sembahyang ngaturake matur nuwun  katur Gusti, dene wis kepareng paring pangreksa ing wengine. Nuli nyenyuwun muga padha bisa nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing awan cedhake. Kasur, bantal, guling sprei, lan kemul ditata. Wong saomah tumuli obah kemrembyah nyambut gawe. Bapak nyepakake lan ngrampungake pagawean kantor kang diasta kondur. Ibu uthek ana ing pawon.
Ana sing nyapu. Ana sing nggodhog wedang. Ana sing sinau. Ana sing ngisisi kemul, bantal, lan guling. Ana sing nyebreti meja kursi. Iwan, putra pambarep, ngresiki kendharaan, cecawis ngeterake adhine sing cilik. Nita, putra panengah, wis nyapu, wis nggodhog wedang. Dheweke nyelakakeadus dhisik supaya mengko ora kesusu bareng-bareng. Dheweke nyelakake sinau, mengkoana ulangan seni musik. Uga mbiyantu lan jaga kongkonan. Atok sing cilik, wis nyekel tahu petis, turahan wingi sore. Sing sekolahe rada adoh, durung jam nem wis sarapan. Jam nem limang menit utawa sepuluh menit wis matur, “Bapak, dalem bidhal.” Bapak paring wangsulan, “ ya.” Utawa pamit Ibu, “ Bu aku mangkat.” Kala-kala nyuwun sangu, utawa ndadak nyuwun dhuwt bayaran sekolah. wose, jam setengah pitu lumrahe wis padha mangkat sekolah. kabeh wis matur nyuwun pamit bapak lan ibu.
Nuju sawijining esuk Iwan matur, “ Bapak. Ibu, mangke kula wangsul radi siyang, wonten ekstra bahasa inggris.”
Ing dina liya Nita matur, “Dalem mangke mantuk gasik. Bapak lan Ibu Guru rapat 5K.” Mangkat sekolah, menyang ngendi bae, luwih-luwih lunga adoh lan rada suwe kudu matur lan pamit bapak ibu. Iku kelebu tata krama. Prelune ora dadi golekan. Lan yen ana kanca sing nggoleki, bis adigenahake. Kulawarga bisa mranata pagawean. Bisa duwe acara kulawarga kang gumathok.
Mangkono uga mulih sekolah utawa bali saka lelungan iya enggal matur bapak lan ibu. Kuwi kaya dene minangka lapuran. Malah prayoga uga ngaturake bab-bab kang wigati. Upamane: mau ana kanca sing ora mlebu amarga lara, ana ing dalankepethuk Pak Dhe arep tindak menyang BNI 1964, Bu Guru ulang taun, lan liya-liyane. Mangkono uga ibu prelu ngendikake bab-bab kang wigati. Upamane nyritake tagihan saka PAM ( Perusahaan Air Minum) mundhak. Dadi anggone padha nganggo banyu banjur luwih ngirid. Ana utusane pak Carik, ngirimi jagung panenane, lan liya-liyane.
Bapak uga ora kari, sok-sok crita bab kaaning kantore. Bab-bab kang lucu. Pangalaman-pangalaman kang prelu disumurupi putra-putrane. Bab-bab kang ngemu pitutur, lan sapiturute.
Cekak aose, wong saomah padha sregep nyambut gawe. Bungah susah dikandhakake. Padha ngreti pengalaman siji lan sijine. Dadi, ora sepi ing tuladha. Ora sepi ing rekadaya. Bapak Ibu ngecakake tata krama. Putra-putra ora ninggal tat krama. Kabeh wong saomah, sakaluwarga, padha nindakake tata krama. Tat krama amrih uripe rahayu, basuki, raharja.


Katrangan1.      Sabrayat: sakulawarga; sagotrah
2.      Wungu: tangi
3.      Pangreksa: panjaga
4.      Ngisisi: ngangin-anginake
5.      Nyelakake: golek sela; golek lodhang
6.      Ekstra: tambahan
7.      Gasik: a. Luwih dhisik; kapara ngarep
b. resik8.      Gumathok: tartamtu
9.      Rekadaya: budidaya usaha
10.  Ngecakake: nindakake; ngleksanani
 

KAKEHAN NOL SIJI

KAKEHAN NOL SIJI


Pinuju dina Kemis Wage sore, Bambang Sumarta ndherekake ingkang ramane sowan menyang daleme Bapak Truna Wijaya, lurah ing Tegasari. Bapak Adi Wibawa, ingkang ramane Bambang Sumarta, arep nyuwun priksa marang Bapak Lurah Truna Wijaya, adhapur nggenahake bab Pajak Bumi dan Bangunan kang kalumrah diarani lan dicekak PBB. Awane Pak Adi tampa layang tagihan saka kalurahan. Isine Pak Adi kudu enggal nglunasi kakurangan mbayar PBB kehe Rp 90.000,00. Pak adi njenggirat gumun ditagih samono kehe. Rumangsane mung udakara Rp 10.000,00

PAK WI MUNG PLINGAK PLINGUK BAE

PAK WI MUNG PLINGAK PLINGUK BAE



Dina kuwi mbeneri wulngan kang kaping lima. Pak Wiayna ngasta Matematika. Anggone nerangake cetha. Bocah-bocah gampang ngreti. Keep diselingi lelucon. Pak Wiyana pinter nglucu. Bocah-bocah padha ngguyu kepingkel-pingkel.  Nanging, yen pinuju serius, wah, ya, ngana kae ora ana sing cemuwit, kabeh mikir padha migatekake.
Pak Wiyanan neragake karo ngasta alat peraga. Banjur nulis ing blabag. Bocah-bocah diparingi latihan. Yen sajak ana bab-bab kang durung dipahami, nuli dibaleni. Pak Wiyana pancen titen, angger bocah-bocah pada meneng bae, katon plonga-plono, mripate kethop-kethop; iku tandhane bocah-bocah durung mudheng, durung dhing. Mula, Pak Wiyana banjur kanthi sabar lan alon cetha mbaleni nerangake maneh. Bocah-bocah nuli padhang ulate, tandha yen wis bisa nangkep isining wulangan.

KATON GAYENG NGRESEPAKE

KATON GAYENG NGRESEPAKE


Kabeh wis ditata. Sing nata ibune. Anak-anake melu ngrewangi. Meh kabeh melu ngrewangi. Kajaba sing esih cilik lan durng bisa. Bapake esih uthek ngrampungake pagawean ngomah.
Sega lan lelawuhane wis cumawis kalebu sambel lan lalapan. Piring, sendok, garpu (prok), wijikan, lan serbet wis sumadhiya.
Segane putih, pulen, turkenul-kenul. Dhasar esih manget-manget. Lawuhe prasaja: jangan lodheh kacang, lembayung, cipir, tahu, tempe, lan gereh pethek, sambel trasi lalapane kol lan tomat. Uga ana sop, nanging mung cepakan kanggo Dhidhik sing cilik dhewe, lagi umur limang taun.
Wong saomah kabeh wis lungguh dhewe-dhewe, kepung ngopengi meja makan. Edhi lan Dhian pinuju dolan ing kono. Bocah loro kuwi ponakane Bapak lan Ibu Brata. Edhi lan Dhian diajak mangan bareng. Lunguhe ora padha kadohan lan ora padha kecedhaken karo meja makan. Banjur padha ndonga, uga dhewe-dhewe.
Bapak lan Ibu Brata luwih ndhisik njupuk sega. Nanging ora enggal mangan, njupuk lawuh bae durung. Nuli padha ngladeni Dhidhik. Ana sing njupukake sega, ana sing nawani gereh, ana sing ngangkatake sop.
Sawise Dhidhik wiwit mangan, nuli padha lagi bebarengan tumandang, njupuk sega lan lawuhe. Sanadyan wonge akeh, nanging ora semrawut. Anggone njupuk sarwa tamban, sareh genti-genten. Kala-kala lawuhe diangkat diubengake.
Endhang mangan nganggo sendhok lan garpu. Totok mung  nganggo sendhok. Nyendhok sega lawuh, banjur dilebokake cangkem. Sendhok diputer dhisik, kang dilebokake ing cangkem peranganing pucuk, dudu iring kiwa utawa tengening sendhok. Cangkem nuli mingkem. Pamamahe alon, ora kesusu, diematake. Ora keprungu kecap-kecap. Keprungu iya ora seru tur mung kala-kala bae.

GEGURITAN

O... Jebule 
Dening Lesta Aristisia
  
Bengesan abang
Celake njlarit
Sandangane ora nyampe satus ewu
Tase kae kena gawe tuku beras suwene seminggu

Dhek wayah jam pitu
Kembange metu, lunga saka wisma
Nyandak lawang, mobil mersi rong atus yuta
Mlayu sirna
Lumaku bebarengan rina
Dhek fajar bali
Dhek wayah ratri budhal embuh menyang endi
Ooo.. jebul wong ayu

Kerjamu adol awak, kuwi wae menawa payu...

sambung tresna karo lelembut

Sambung Tresna Karo Lelembut
Dening Nini Klenyem

Dhek emben sasi sing wis kepungkur, penulis jagong manten neng Sragen, ketemu kanca lawas dhek isih ana SLTA biyen. Padha dene ora ngira, yen ing pista manten kuwi aku lan dheweke bakal ketemu. Jarene kancaku mau, sing kagungan kersa mantu kuwi mbakyune, dene aku rak biyen kanca tunggal kelas. Maklum suwe ora ketemu, mula aku wong loro milih enggon rada kiwa anggone lungguh. Sepisan olehe crita ben ora ngganggu tamu liyane, kejaba kuwi bisa crita apa wae bebas, merga ora keganggu tamu liya sing mesthi wae ora sambung, wong? ora kenal lan ora sak pejagong. Bareng wis takon sak suwene sakbubare sekolah, lan sak teruse ketemu wis dadi wong tuwa iki, dheweke njur takon ngene :
?Mbak apa garwamu ki asmane pak Sarjoko?? Aku mangsuli:
?Iya.? Dheweke njur kandha :
?O layak? dadi sing sok nulis kae kowe ta?? Aku mung ngguyu.?Ha nek ngono mbak, aku tak crita ya, tulisen, saiki rungokna!? Aku mapan lungguh sing kepenak, karo siap ngrungokake critane kancaku mau. Bareng ngerti uku wis serius anggonku arep ngrungokake, dheweke banjur wiwit crita. ?Ngene mbak, ing ndesaku kana, aku nduwe tangga sing wis apik banget karo aku, prasasat wis kaya sedulur dhewe. Nganti apa wae dicritakke karo aku, senajan kuwi wadi. Wong mau jenenge bu Kadri, lha kakunge jenenge Raharjo. Anggone bebrayan wis suwe, pinaringan momongan telu sing cilik dhewe isih ana SD. Bu KAdri kuwi wonge putih semok tur gagah, ning ora klebu sulistya. Grapyak? sumanak? pinter srawung, mung emane thukmis, gampang ketarik priya liya senajan wong kuwi wis nduwe bojo kaya dheweke. Mung gumunku mbak, wong sing disiri karo bu Kadri kuwi kok ya olehe mesthi nglanggati.
Emane bu Kadri kuwi uripe mung klebu pas-pasan, mergane kakunge kuwi ya klebu mung dhanyang buruh tur ya klebu bodho tinimbang putrine. Mula ditinggal ngiwa barang ya meneng wae. Sing keri dhewe, angger wong wis padha ngerti, nek bu Kadri gandheng karo pak RT ne. Bu RT ngerti kok ya meneng wae.? Mula aku njur dhedhes bu Kadri ngene : ?Kowe ki ra samar nek di krampyang bu RT pa bu?? Wangsulane bu Kadri : ?Ora dhik, wong aku melu ngrewangi olehe gawe omah sing anyar iki kok. Wista, nek ora aku sing ngrewangi tuku kayu? gendheng.. lan material liyane, durung mungkin dadi.? Kancaku mau nanjih :
?Ora mbak lha dhuwitmu saka ngendi entukke?? Bu Kardi nyedhak karo kandha :
?Tak blakani ya dhik, ning aja kandha sapa wae!? Kancaku sumaguh.
?Dhik, sejatine rak wis sauntara, kejaba aku hubungan karo pak RT kuwi, aku ya nduwe pacar sing wis kaya bojone. Dheweke kuwi lelembut sing tansah aweh dhuwit sing kena ndak enggo nguja pak RT kuwi.? Kancaku nanjih :
?Olehmu tetemon ana ngendi, bu??
?Ya ana omahku dhik, dheweke njanjeni pendhak malem Jum?at nek wis wengi kahanan sepi. Janji wis ana angin semiyut rada gemrubug lan lampu kamarku mak pet mati, ya kuwi dheweke teka njur langsung ngekeb aku. Biasane aku mung takon, Kowe wis teka?? Dheweke mangsuli cetha : ?Uwis!? Yen wis ngono dhik, dheweke njur ngarasi aku sak katoge lan tangane oprasi neng perangane awak-awakku sing marahi kerangsang. Yen aku wis ora kuwawa ngampah, dhik, dheweke tatrap ngajak aku mabur neng sandhuwuring mega sap pitu, ngrasakke nikmate swarganing daging sing tanpa upama. Aku marem, sajake kana ya luwih dening marem, nyatane njur bleg seg merem turu. Semono uga aku ya njur les turu neng kekebane. Gagat esuk, lamat-lamat aku krungu lan uga krasa yen ana? swara gemrubug lan angin sumiyut, lan njur mak byar lampun kamarku? urip, ya nalika kuwi dheweke lunga. Lan let sedhela njur keprungu adan Subuh.?
?Sampeyan ora wedi bu, karo sing ngemori sampeyan kuwi?? kancaku nanjih.
?Wedi piye dhik, wong rupane ya bagus, dedek piyadege ya kaya wong-wong kuwi, kulite ya alus. Wista pokoke nyenengke. Lan jroning ulah salulut, antuke kemareman jan nagihi ngluwihi priya sing wis tau tak rasakke? durung ana sing madhani.? Ngono ketrucut tembunge bu Kadri sing sajake lali, yen iku tumindak slingkuh. Kancaku mau jare takon maneh:
?Apa nek teka kuwi ora mbok suguh apa-apa, bu?,? dheweke mangsuli :
?Ora dhik, mung welinge nalika arep teka sepisanan biyen, aku dikon nyedhiyani gedhang emas telung iji sing mateng kuning. Ning tan kocapa dhik, esuk yen dheweke wis lunga, tak tiliki gedhang mau wis dadi ireng lonyot. Sidane ya ming njur tak buang.? Kandhane bu Kadri. Aku sing dicritani olehku nggatekke tenan, supaya aku bisa nulis bener kaya critane. Bareng kancaku mau meneng, aku njur nerang.
?Njur sateruse piye, dhik?? kancaku mangsuli :
?Anu mbak, aku krungu-krungu dheweke ki sabanjure seneng karo guru seni, ning priyayine saka pondhok pesantren, sing jare uga mulang ngaji barang. Dadine sing dipencuti bu Kadri kuwi kejaba ngibadahe tumemen, ning ya guru seni lan baut micara, wong jare nek disuwun medhar sabda ya baut tur sastrane bener.? Kancaku sing uga penulis mau mungkasi critane karo kandha ngene :
?Ya muga-muga wae mbak, priya sing dipencuti iki, bisa mbalekake kesadharane bu Kadri, lan misahake sesambungane karo makhluk seje alam kuwi, mundhak dadi wong ora lumrah. Iya nek ora ngapa-ngapa, nek mengko nganti ana thukulane, njur kaya ngapa dadine.? Mengkono critane kancaku penulis mau. Para maos pitados mangga, dene ora ya ora dadi ngapa, jer maos mono sawetara kena kagem panglipuring penggalih.
Rampung

KEONG MAS

 Keong Mas 

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.


Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.


Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

    “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

    “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.


SUMBER: http://dilihatya.blogspot.co.id/2014/04/kumpulan-cerita-bahasa-jawa.html

TAMU AGUNG

TAMU AGUNG


Nalika samana Bapak Presidhen tindak menyang manca nagara. Didherekake ibu, para nayaka, para panggedhening nagara, lan para pandherek liyane. Tindake nitih motor mabur.
Montor mabur ndharat ing lapangan terbang, nagara manca kasebut. Andhaning montor mabur dijeplakake. Bapak Presidhen lan ibu nagara manca wis nyedhak andha wis cecawis mbagekake Bpak Presidhen lan ibu.
Ora let suwe Bapak Presidhen jumedhul ing andha ndhuwur didherekake ibu lan pandherek liyane mandhao. Tekan ngisor Bapak Presidhen lan ibu disalami dening Bapak Presidhen lan ibu nagara manca dalah sing padha mahargya rawuhe. Bapak Presidhen lan ibu dikalungi kembang. Bapak presidhen bebarengan Bapak Presidhen manca nginspeksi barisan militer.
Presidhen loro kasebut banjur munggah panggung. Presidhen manca medhar sabda pangayubagya. Presidhen medhar nanggapi. Sabanjure ing wektu liya Bapak Presidhen ziarah menyang taman pahlawan, nyelehake karangan kembang.
Bapak Presidhen sarta rombongan uga diaturi pasugatan dhaharan lan unjukan. Ngunjuke mawa gelas jinggring sikil dawa (kaya gelas es puter). Sadurunge ngunjuk, Bapak Presidhen mbenthikake gelase menyang gelase Bapak Presidhen manca. Iku jeneng toast. Uga dianakake upacara liron tandha mripat.
Kuwi tata krama kang asipat internasional. Mangkono uga yen Indonesia karawuhan tamu agung saka manca nagara. Tata kramane iya mangkono iku.

Saiki ora susah adoh-adoh. Bapak Gubernur, Bapak Walikota, lan Bapak Bupati ngrawuhi upacara. Tindake nitih mobil. Rawuh dhig, mobil mandheg greg, banjur padha dicedhaki, dirumati. Ana sing mbukakke lawanging mbil. Ana sing ngacarani lan nuduhake papaning upacara. Ana sing ndherekake nganti tekan ing palenggahan.
Sadurunge kuwi sing padha teka lan para tamu bebarengan ngadeg ngrumat rawuhe. Yen Bapak Gubernur, Baoak Walikota, lan Bapak Bupati wis mapan lenggah, lagi padha lungguh maneh.
Menawa bapak-bapak kasebut kepareng paring tanggap sabdatama, ana sing ngacarani ndherekake. Ana sing nggawakake mape, ana sing njampangi dadi pangapit, ngadeg ing saburine kiwa tengen, nganti sarampunge anggone bapak-bapak kuwi paring pangandikan. Nuli didherekake lenggah nganti tekan lan mapan ing palenggahan maneh.
Mangkono uga tumrap Bapak Camat, Bapak Lurah, apa dene Bapak Ketua RW, lan Ketua RT. Yen rawuh ing papan upacara, uga diurmati. Diurmati manut kalenggahane kanthi sapraygane, sacukupe.
Wose, kabeh tamu kudu dibagekake, diacarani, lan diurmati saprayogane manut tata krama kang wis lumrah kanggo kono. Luwih-luwih tamu wigati, tamu mirunggan, utawa tamu agung. Pakurmatane dilaras lan ditrepake manut eman papan, kala mangsa, lan swasanane.

Katrangan
1.                  Manca nagar: luwar negeri
2.                  Nayaka: menteri (Inggris: Minister)
3.                  Dijeplakake: diwengakake; dicongatake; dipasang
4.                  Cecawis: sadhiya; siyaga; cepak; rumanti
5.                  Dala: lan; sarta; dalasan
6.                  Nginspeksi: mriksani; nitipriksa
7.                  Medhar sabda: pidhato; sesorah 

Kamis, 24 Desember 2015

GEGURITAN

Muwun
dening hannik thoyyibah


Tangisku nrocos tan bisa mbendhung
Kaya kumricike ilining banyu samudra
Nyawang kahanan kang nyata
Puteh, resik tanpa gambar
Mbuntel bandha ing sajroning kamar

Simbah, , , ,
Simbah, , ,

                                                          Putumu iki wis bali          
Gawa barang sing kok peseni
Dadi wong sukses lan taberi
Marang pangerang ingkang Maha suci
Marang bapa biyung ugi

Para sesami

GEGURITAN

Akhir  jaman
dening hannik thoyyibah


Tumetese waspa ing negeri iki
Akih alas kang di bakari
Nganti antupe tekan luwar negeri
Apa iki sing jenenge akhire jaman ?

Wong padha mentingake awake dhewe
Ora mikir marang liyane
Babagan kesadharan wis blas
Ora di thukulake        
Apa iki sing jenenge akhir jaman ?

Jaman kang padha edan
Wong padha unta-untalan
Nguntal bandha kang oara dai hakke
Colong jupuk kang ora dadi duweke

Dhuh Gusti, ngapurana wong sing neng ngalam dunya
Wong kang sering tumindak ala

Amerga keblinger nikmate dunya

GEGURITAN

Lampu Dhisko
Dening Hannik Thoyyibah


Kerlap kerlip lampu ing wengi
Nambahi rasa bungahing ati
Dadia bocah sing setiti
Mbesok bakal ngerti
Ngrti apa sing dikarepke
Dikarepke bapa lang biyunge
Semuno uga dadia bocah sing taberi
Mbiyantu marang sesami
Aja ladhak !!!
Wong ladhak iku pan gelis mati
Aja Angkuh !!!
Wong angkuh iku bakale runtuh
Mula setiti nagti-ati urip ing ngalam dunya
Aja mung mikirake banda
“ ing dunya mung nunut ngombe”
Kang sjatine ora bakal suwe
Ana kauripan kang luwih gedhe
Kang ora bakal ana kandheke


DIDHAWUHI IBU GURU

DIDHAWUHI IBU GURU


Pinuju ngaso Ibu Guru Yayuk nimbali Martini. Martini didhawuhi njupukake buku kang keri ana ing meja guru.ibu Yayuk ngendhika, “Tini, menea sedhela!” sing ditimbali age-age mara nyedhak, ngadeg jejeg, tangane tumata, ngapurancang, polatane sumeh, banjur matur, “ Punapa Ibu?”Anggaone matur Martini swarane lirih, nanging cetha, lagune luwes kepenak.
Ibu Yayuk mbacutake ngendikane, “Jupukna buku ing meja guru!” sing didhawuhi enggal-enggal njupuk buku, nuli bali matur, “Punika, Bu.” Matur mangkono iku karo ngaturake buku, awake rada mbungkuk. Dene buku kang diaturake kuwi sadurunge wis diwalik. Dadi, semangsa Ibu Yayuk nampani, terus bisa maca tulisane, ora usah diwalik.
Ibu Yayuk nampa buku, mustakane manthuk sathithik, karo ngendika, “Ya, matur nuwun.” Martini matur, “Sami-sami.” Ibu Yayuk nuli minger tindak menyang kantorkepala sekolah. Martini rada mbungkuk maneh nguntabake tindake Ibu Yayuk.
Sapa bae sing nyumurupi, krungu, lan ngalami kedadeyan ing dhuwur kasebut bisa seneng, marem, lan tentrem. Ibu Yayuk lan Martini uga melu seneng, marem, lan tentrem, bisa padha sesrawungan nganggo tata krama, lan uga wis kabukten manawa tata krama kuwi bisa gawe tentreming bebrayan. Bebrayan kang tanpa tata krama mesthiora bisa tentrem.
Ngaturake majalah, koran, buku, lan layang diwalik luwih dhisik. Sing nampa banjur bisa maca, ora ndadak malik. Mangkono uga tuladha liyane. Ngaturake peso, pukul besi, cethok, pacul, lan barang-barang kang mawagaran, ditata luwihdhisik, sing nampa kepenak, terus bisa nyekel garane. Aja malah garane dicekel dhewe. Sing nampa banjur rekasa nyekel pucuk peso, cethok, lan liya-liyane. Kang kasebut karikuwi jeneng ra nganggo tata krama.
Coba saiki mangkene:
1.     Njupukake buku, majalah, koran, lan barang-barang kang ana garane. Wenehna kancamu kuwi enthane Ibu Yayuk utawa Bapak Guru paryana. Tindakna gentenan!
2.     Tirokna patrape Ibu Yayuk lan martini ing dhuwur. Gegentenan sing dadi Ibu Yayuk lan sing dadi Martini.

Katrangan
1.      Ngapurancag: driji mlebu sela-selaning driji, kaya kapurancang
Kapurancang: pager wesi utawa pring pucuke lancip-lancip
2.      Sumeh: sumringah; padhang (ulate)

Nguntabake: ndherekake banjur ali; ngeterake nganti mangkat.

SALAME MANUT APA ANANE

SALAME MANUT APA ANANE



Dhek emben kae katerangake sapa bae lan ana ing ngendi bae kudu nganggo tata krama. Awake dhewe, bapak, ibu, anak ing kaluwarga, murid, guru, karyawan ing sekolahan, wong-wong ing pasamuwan, mangan bareng, mara tamu, nunggang bis, ing dalan gedhe, lunga saka teka ngomah, kabeh ana lan nganggo tata krama.
Kala-kala papan siji lan papan liyane beda. Mangkon uga negara siji lan negara liyane, bis auga adat tata cara lan tata kramane beda. Ana paribasan desa mawa cara nagara mawa tata. Uga salin enggon salin kedhaton.

Tuladha: wong Jawa yen padha salaman kae, epek-epeking tangan diplurutake karo epek-epek tengan sing diajak salaman. Ana sing bubar salaman, tangane ditempelake ing dhadha. Kanca-kanca ing Sundha yen padha salaman, epek-epeking tangan ditangkupake, banjur mung digathukake driji-driji perangan pucuk bae. Mung mak nil, wis cukup. Wong Eropa, merika, lan saiki mratah ing ngendi yen pinuju salaman, mung nganggo tangan tengen bae. Yen wis gathuk lan padha nyekele, banjur diobah-obahake. Katon aktif, sumanak, ngengreng. Mangkono sapiturute.

Rabu, 23 Desember 2015

NUNUK MATUR

NUNUK MATUR

Kaya adate, sawise padha ngrungoke katerangane Bapak Guru Sudarma, bocah-bocahpadha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi pada sinau IPA.
Dumadakan Nunuk kabelet nguyuh. Sejatine wis sawetara krasa, nanging diempet bae. Saiki wis ora bisa tahan maneh. Mula banjur ngadeg, klambi lan roke ditata. Mlaku alon menyang ngarep kelas, nyedhaki Bapak Guru Sudarma. Nunuk mandheg, ngadeg jejeg, tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang Bapak Darma, “Nuwun sewu, bapak, kaparenga nyuwun pamit, dhateng wingking sakedhap.” Nunuk matur alon, lirih, nanging cetha. Karo aake dibungkukake sethithik.
Bapak Sudarma manthuk lan ngendika, “Ya.”
Nunuk mbungkuk sethithik, mundur, banjur minger lunga menyag pakiwan.
Ora ngerti rong menit Nunuk wis bali mlebu kelas. Mlaku alon, lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Nunuk matur, “Sampun, Bapak. Matur Nuwun.”
Bapak Sudarma manthuk lan ngendika ngucapake tembung padha-padha. Nunuk banjurbali menyang palungguhan.
Kasebut iku tata kramane bocah sing ana ing jero kelas kapeksa perlu met. Nyuwun pamit luwih dhisik marang Bapak Guru. Sawise diparingi idin, lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung prelune, nuli matur minangka caos lapuran, lan ora lali ngaturake matur nuwun, den wis diparingi idin. Mangkono kuwi carane lan tata kramane. Dadi, oa prayoga yen nganti diempet, nganti lara wetenge, lan sapanunggalane. Wose, bocah-bocah kudu kulina matur terus terang. Sadurunge iya matur, mangkono uga sawise uga matur.
Mneh tuladha. Saka ngomah ditipi bapakmu, didhawuhi ngaturi kalender anyar katur Bapak utawa Ibu Guru. Kowe kudu matur, “Bapak Guru, keparenga atur, punika kula dipuntitipi bapak, ngaturi kalender kagem Bapak Guru.”
Lan yen wis kelakon kokaturake marang Bapakutawa Ibu Guru, mengko kowe iyakudu matur marang bapakmu, upamane mangkene, “Bapak, kalender sampun kula aturaken Bapak Guru. Kala wau lajeng dipunbikak, dipunpriksani gambaripun. Bapak Guru remen sanget. Bapak Guru matur nuwun kagm Bapak.”

Katrangan
1.       Gladhen: latihan; lantihan
Digladhi: dilatih; dikulinakake
2.       Dumadakan: ndadak; ujug-ujug; ora kanyana-nyana
3.       Kebelet: kesusu; enggal-enggal arep
4.       Ngapurancang: kaya kapurancang (pager wesi utawa pring, pucuke lancip-lancip); driji mlebu sela-selaning driji
5.       Sumeh: sumringah; padhang (ulate)
6.       Pakiwan: kamar mandi; wc; papan sisih kiwa

7.       Tuladha: conto; tepa; palupi; darsana

ASAL-USUL JENENG KENDAL

SUNAN KATONG LAN PAKUWAJA
Asal-usul Jeneng Kendal

            Cerita-cerita tutur ngenani Sunan Katong lan Pakuwaja kang wis sumebar ing madyaning masyarakat, wondene Pakuwaja gelem mlebu agama Isalam umpamane Suanan Katong bisa ngalahake kasektene. Bundayudhane antara Sunan Katong lan Pakuwaja ora mung jiwa raga ananging nganti tumuju babagan olah batin. Oetilan cerita iki kurang luwihwe kaya mengkene:
            “Kanti direkake kanca loro lan siji sedulure bundayudhane antara Sunan Katong lan Pakuwaja dilakoni kanti tenanan ora mung etok-etokan . Bundayudhane wong-wong sekti sing ora kena didelok mata wong biasa kekarone oyak-oyakan awit saka ndharat nganti tumeka ana ing sak dhuwurw banyu kanti wektu suwe. Saksuwenw bondhoyuda Pakuwaja ora tahu menang malah kapara keplayu nganti umpetan. Ingkang ana pikirane Pakuwaja dikira Sunan Katong ora mangerteni anggomne Pakuwaja ndhelik.
            Kebeneran banget rikala semono ana wit gedhe kang growing sedeng kanggo melebu wong, terus sak banjure wit growing mau kang ndhelik Pakuwaja kang ndhuweni pangarep-arep
            Sunan Katong ora weruh. Umapamane pangarep arepe Pakuwaja iki bener mula bandhayuda dimenangake pakuwaja. Nanging kanti ilmu kang pinunjul kang dindhuweni Suanan Katong sing pungkasan cucu Raden Fatah kuwi kasil nemukake ndhelike Pakuwaja lan sakbanjure Pakuwaja pasrah utara nyerah karo Suanan Katong.

PANCA SUDA

PANCA SUDA

            Panca Suda menika petangan kangge nyumerepi awon saenipun anjodhokaken jaler lan estri, kapendhetaken saking neptuning dinten/pekenan wedalanipun.
Noptuning dinten            : Jumuah = 6, Setu = 9, Akad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebu = 7, Kemis = 8.
Noptuning pekenan         : Legi (Pothakan) = 5, Paing (abritan) = 9, Pon (Jeneyan) = 7, Wage (Cemengan) = 4, Kliwon (Manca Warna) = 8.
            Menggah lampahipun madoni pencasuda,wau makaten neptuning dinten pekenan wedalanipun jaler lan estri ingkang badhe kajodhokaken wau dipundadosaken satunggal, lajeng kasuda saking sadasa utawi saking pitu tirahipun boten kenging langkung saking pitu : manawi kasuda saking sadasa, tirahipun langkung saking pitu, inggih lajeng kasuda saking pitu angka tirahipun punika nedahaken kapanggihing petangan