BUNGAH SUSAH DIKANDHAKAKE
Bapak Lan
Ibu H. Sutrisna daleme ana ing sakuloning kecamatan. Putrane telu, sendhang
kapit pancuran, nang, dok, nang. Kakung loro yaiku pambarep lan wuragile. Putri
siji ana ing tengah.
Bapak lan
Ibu Sutrisna sabrayat ngulinakake
doyan gawe. Malah banjur kulina dadi kaluwarga kang sregep nyambut gawe. Bapak
lan Ibu Sutrisna kulina wungu esuk.
Mangkono uga putra-putrane. Tangi grEgah mesthi terus sembahyang ngaturake matur
nuwun katur Gusti, dene wis kepareng
paring pangreksa ing wengine. Nuli
nyenyuwun muga padha bisa nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing awan cedhake.
Kasur, bantal, guling sprei, lan kemul ditata. Wong saomah tumuli obah
kemrembyah nyambut gawe. Bapak nyepakake lan ngrampungake pagawean kantor kang
diasta kondur. Ibu uthek ana ing pawon.
Ana sing
nyapu. Ana sing nggodhog wedang. Ana sing sinau. Ana sing ngisisi kemul,
bantal, lan guling. Ana sing nyebreti meja kursi. Iwan, putra pambarep,
ngresiki kendharaan, cecawis ngeterake adhine sing cilik. Nita, putra panengah,
wis nyapu, wis nggodhog wedang. Dheweke nyelakakeadus
dhisik supaya mengko ora kesusu bareng-bareng. Dheweke nyelakake sinau,
mengkoana ulangan seni musik. Uga mbiyantu lan jaga kongkonan. Atok sing cilik,
wis nyekel tahu petis, turahan wingi sore. Sing sekolahe rada adoh, durung jam
nem wis sarapan. Jam nem limang menit utawa sepuluh menit wis matur, “Bapak,
dalem bidhal.” Bapak paring wangsulan, “ ya.” Utawa pamit Ibu, “ Bu aku
mangkat.” Kala-kala nyuwun sangu, utawa ndadak nyuwun dhuwt bayaran sekolah.
wose, jam setengah pitu lumrahe wis padha mangkat sekolah. kabeh wis matur
nyuwun pamit bapak lan ibu.
Nuju
sawijining esuk Iwan matur, “ Bapak. Ibu, mangke kula wangsul radi siyang,
wonten ekstra bahasa inggris.”
Ing dina
liya Nita matur, “Dalem mangke mantuk gasik.
Bapak lan Ibu Guru rapat 5K.” Mangkat sekolah, menyang ngendi bae, luwih-luwih
lunga adoh lan rada suwe kudu matur lan pamit bapak ibu. Iku kelebu tata krama.
Prelune ora dadi golekan. Lan yen ana kanca sing nggoleki, bis adigenahake.
Kulawarga bisa mranata pagawean. Bisa duwe acara kulawarga kang gumathok.
Mangkono
uga mulih sekolah utawa bali saka lelungan iya enggal matur bapak lan ibu. Kuwi
kaya dene minangka lapuran. Malah prayoga uga ngaturake bab-bab kang wigati.
Upamane: mau ana kanca sing ora mlebu amarga lara, ana ing dalankepethuk Pak
Dhe arep tindak menyang BNI 1964, Bu Guru ulang taun, lan liya-liyane. Mangkono
uga ibu prelu ngendikake bab-bab kang wigati. Upamane nyritake tagihan saka PAM
( Perusahaan Air Minum) mundhak. Dadi anggone padha nganggo banyu banjur luwih
ngirid. Ana utusane pak Carik, ngirimi jagung panenane, lan liya-liyane.
Bapak uga
ora kari, sok-sok crita bab kaaning kantore. Bab-bab kang lucu.
Pangalaman-pangalaman kang prelu disumurupi putra-putrane. Bab-bab kang ngemu pitutur,
lan sapiturute.
Cekak aose,
wong saomah padha sregep nyambut gawe. Bungah susah dikandhakake. Padha ngreti
pengalaman siji lan sijine. Dadi, ora sepi ing tuladha. Ora sepi ing rekadaya. Bapak Ibu ngecakake tata krama. Putra-putra ora ninggal tat krama. Kabeh wong
saomah, sakaluwarga, padha nindakake tata krama. Tat krama amrih uripe rahayu,
basuki, raharja.
Katrangan1.
Sabrayat: sakulawarga;
sagotrah
2.
Wungu: tangi
3.
Pangreksa: panjaga
4.
Ngisisi: ngangin-anginake
5.
Nyelakake: golek sela; golek
lodhang
6.
Ekstra: tambahan
7.
Gasik: a. Luwih dhisik;
kapara ngarep
b. resik8.
Gumathok: tartamtu
9.
Rekadaya: budidaya usaha
10. Ngecakake: nindakake; ngleksanani