Selasa, 29 Desember 2015

TAMU AGUNG

TAMU AGUNG


Nalika samana Bapak Presidhen tindak menyang manca nagara. Didherekake ibu, para nayaka, para panggedhening nagara, lan para pandherek liyane. Tindake nitih motor mabur.
Montor mabur ndharat ing lapangan terbang, nagara manca kasebut. Andhaning montor mabur dijeplakake. Bapak Presidhen lan ibu nagara manca wis nyedhak andha wis cecawis mbagekake Bpak Presidhen lan ibu.
Ora let suwe Bapak Presidhen jumedhul ing andha ndhuwur didherekake ibu lan pandherek liyane mandhao. Tekan ngisor Bapak Presidhen lan ibu disalami dening Bapak Presidhen lan ibu nagara manca dalah sing padha mahargya rawuhe. Bapak Presidhen lan ibu dikalungi kembang. Bapak presidhen bebarengan Bapak Presidhen manca nginspeksi barisan militer.
Presidhen loro kasebut banjur munggah panggung. Presidhen manca medhar sabda pangayubagya. Presidhen medhar nanggapi. Sabanjure ing wektu liya Bapak Presidhen ziarah menyang taman pahlawan, nyelehake karangan kembang.
Bapak Presidhen sarta rombongan uga diaturi pasugatan dhaharan lan unjukan. Ngunjuke mawa gelas jinggring sikil dawa (kaya gelas es puter). Sadurunge ngunjuk, Bapak Presidhen mbenthikake gelase menyang gelase Bapak Presidhen manca. Iku jeneng toast. Uga dianakake upacara liron tandha mripat.
Kuwi tata krama kang asipat internasional. Mangkono uga yen Indonesia karawuhan tamu agung saka manca nagara. Tata kramane iya mangkono iku.

Saiki ora susah adoh-adoh. Bapak Gubernur, Bapak Walikota, lan Bapak Bupati ngrawuhi upacara. Tindake nitih mobil. Rawuh dhig, mobil mandheg greg, banjur padha dicedhaki, dirumati. Ana sing mbukakke lawanging mbil. Ana sing ngacarani lan nuduhake papaning upacara. Ana sing ndherekake nganti tekan ing palenggahan.
Sadurunge kuwi sing padha teka lan para tamu bebarengan ngadeg ngrumat rawuhe. Yen Bapak Gubernur, Baoak Walikota, lan Bapak Bupati wis mapan lenggah, lagi padha lungguh maneh.
Menawa bapak-bapak kasebut kepareng paring tanggap sabdatama, ana sing ngacarani ndherekake. Ana sing nggawakake mape, ana sing njampangi dadi pangapit, ngadeg ing saburine kiwa tengen, nganti sarampunge anggone bapak-bapak kuwi paring pangandikan. Nuli didherekake lenggah nganti tekan lan mapan ing palenggahan maneh.
Mangkono uga tumrap Bapak Camat, Bapak Lurah, apa dene Bapak Ketua RW, lan Ketua RT. Yen rawuh ing papan upacara, uga diurmati. Diurmati manut kalenggahane kanthi sapraygane, sacukupe.
Wose, kabeh tamu kudu dibagekake, diacarani, lan diurmati saprayogane manut tata krama kang wis lumrah kanggo kono. Luwih-luwih tamu wigati, tamu mirunggan, utawa tamu agung. Pakurmatane dilaras lan ditrepake manut eman papan, kala mangsa, lan swasanane.

Katrangan
1.                  Manca nagar: luwar negeri
2.                  Nayaka: menteri (Inggris: Minister)
3.                  Dijeplakake: diwengakake; dicongatake; dipasang
4.                  Cecawis: sadhiya; siyaga; cepak; rumanti
5.                  Dala: lan; sarta; dalasan
6.                  Nginspeksi: mriksani; nitipriksa
7.                  Medhar sabda: pidhato; sesorah 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar