Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké
idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké
marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna-
werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa
ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké
pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna,
yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané.
Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing
kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké.
Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté,
tekan carané mlaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé
carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa
kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng.
Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi.
Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng
pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener.,
umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé
klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium.
Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara,
beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana
ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné
mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé
ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah.
Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon.
Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa
muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi
lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung.
Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah,
ngapalaké, spontanitas, lan njlentrehaké utawa njabaraké kerangka
pikiran.
Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih
beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki:
- Uluk salam/ salam pembuka
- Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
- Surasane basa/ isine pidhato
- Ringkesan isi pidhato
- Salam panutup
Tujuan Pidhato
1. Menehi Hiburan.
Pidhato jinis iki ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané
yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung
ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga nganggo basa kang
santai lan raket.
2. Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang
sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto,
mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo
njelasaké marang pemirengé.
3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya
pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki
umumé jinis pidhato kampanye arep pemilhan umum.
Kaanan Pidato
1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah
kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné pidhato lan naskah iku bisa
kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharaké pidhatoné sakarepé
dhewe amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekaké.
3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé.
4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyané kaanan kang wis kaandhraké iku,
isih ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang cara ngandharake
pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa awan,
anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg
pidhatone kanthi singkt bae.
Pendekatan Isi Pidhato
1.Pendekatan Intelektual. Pendekatan iki digunakake yen pemirenge duwe pendidikan kang cukup.
2. Pendekatan Moral. Pendekatan iki digunakake yen pemirenge seneng
melu kegiatan moral, apa meneh moral keagamaan. Pemicara bisa nganggo
kutipan ayat kitab suci utawa sumber liya kang cocok.
3. Pendekatan Emosional. Pendekatan emosional bisa kagunakake yen
pemirenge kurang pendidikan. Pemirenge kang kaya mangkono gampang
anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggl nganggo
semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa liya- liyane kang
bisa gawe gampang nampa isi pidhato iku. Pidhato mono bisa dileksanakake
mawa teks, kang diarani metode membaca, bisa cara ngappalake teks, bisa
sakcar ekstemporan yaiku ngapalake bagean kang pokok banjur ngembangake
pangandikan nalika nglaksanakake pidhato. Ana uga cara impromtu, yaiku
manawa pidhato sakcara ndadak utawa spontan, dadi ora ana persiapan.
Saiki kang durung tampa giliran ngrungakake temenan. Gelem niteni lan
migatekake basa kang becik. Dadi besuk tekan titi wancine diparingi
giliran maju, pidhatomu:
- Isine bisa nalar.
- Pamilihing tembung trep, ukara cetha, basane sreg, luwes, bener, becik.
- Anggone medhar runtut sarta gembleng, yen perlu wedharanmu metu kamoncerane utawa variasine.
- Lagak lageyan, obah owahing pasemon, tandang grayang, obahing peranganing badan liyane sarwa pantes, mrabawani, lan mranani.
- Aja lali: kedaling lesan kang mapan, pangucaping tetembungan kang bener, lagune wicara kang nemsemake.
Sumber: https://jv.wikipedia.org/wiki/Sesorah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar