Senin, 21 Desember 2015

CERKAK

Putu Lanang
Dening Lesti Aristisia

Tak lela lela le gung... swara tembung kaya kuwi wis keprungu awit sakdurunge subuh mau, menawa tolene lagi nangis, ya tetembangan kaya kuwi sing tak tembangake. Tole... Tole  iya Tole sing lagi wae umur selapan wis ditinggal dening embokne lunga dadi TKW ana ing negara Malaysia. Arep kepriye maneh, kabeh wis buntu, kang Taris bapakne Aris kuwi wis bubar di PHK dening salah sijine perusahaan. Dene Aris iki bakale ya butuhake wragat sing ora sethitik. Simbahe wadhon ya kari aku ini Jenenge Yu Karti ya mung Randha, ditinggal mbojo maneh marang lakine. Ewa semana iya ora ditinggali bandha apa-apa, ya mung kuwi wujud anak sing cacahe lima. Slamet kuwi anak mbarepe sing duwe anak jenenge Aris kuwi mau. Ya kirane semono kuwi wewayangan lakone uripku.
Wayahe sumurup, dene langit sing maune katon abang mbranang saiki wis owah, mak pet. Kahanane dadi saya peteng, kaya sumurupe bagaskara minangka gantine siyang dadi ratri, gegambaran kang kaya kuwi sing tak rasaake saiki, aku wong randha sing kerjane mung adang-adang ing daerah bunderan, penghasilan ora temtu ananing kudu nyokoli cangkem papat sing wis rada gedhe-gedhe lan iki bocah bagus sing durung ngerti lelakone urip sing sak benere iki Aris, iya Aris. Anakku lima wadon kabeh kaceke umur ora adoh namung kira-kira setaun rong taun sing nomer loro pancen wis ora sekolah, ananing ya tetep wae ora kerja, amarga momong putuku, Aris sing tak anti-anti suk mben menawa gedhe bisa dadi lelanangane keluwarga, kang bisa mbiyantu aku lan sak anak-anakku iki. Mula ya aku temenanan sing ngopeni mugaa bisa dadi gegangtungan uripku menawa aku wis ora kuwat mikul rupa-rupa palawija iki, lan adang-adang ning bunderan.

Wis peteng ora bisa weruh ketambahan menawa Slamet sing nekad dadi TKW ana ing Malaysia malah ora ana kabar, tumekane saiki limang taun sing wis tak lakoni, kanthi keringet lan adus luh, nanging durung khasil. Anakku sing keloro wis bubar di lamar dening wong lanang adoh, banjur di boyong mring desane kono, tapi esih lumayan esih sok menehi kabar, dene slamet... ah wis embuh, kahanan saya peteng amblek.
Ora krasa dina-dina sing wis tak lakoni iki ngancik pitulas taun jejakaku Aris sing awit biyen bayi tak anti-anti saiki ya wis katon baguse, saiki wis tambah gagah dadi sopir trek melu Cina cedhak omahe, mak lap radha padhang sesawanganku, anakku wis padha mentas kabeh, padha melu bojone kathi aku karo anak ragilku lan Aris iki, lelananganku. Bocah bagus sing muga bisa njalari pepadhangan uripku.
Iki sing pungkasan anak ragilku di lamar karo jejaka tanggaku, omahe ora adoh saka omahku, dadi arepa melu bojo ananging ya ora tau lali nekani aku, ora ketang ngeteri jangan gori karo gesek naning bisa dadi ayeme atiku, kahanan san saya padhang nalikane Aris wis tambah umure, tambah baguse. Sing jenenge jaka wis gedhe wis duwe penghasilan ya mesthine kepengen rabi semana uga sing di rasa lelananganku iki Aris wis duwe pancangan, bocan wadon ayu, rada lemu arepa umure luwih tua wadone naning bocah sakkeloro kuwi tansah kanton pantes sesandingan.
“mak iki hlo aku duwe kanca wadon” pocapaning aris nalika aku tekan ana ngomah sabubare nyelehake kacang olehe mau tuku karo tani desa kulon kae. “hlo sapa le Jenenge? Bocah ngendi? Boahe ayu ora? Sregep pora? Aku ora lila menawa koe ngger cah bagus oleh bojo sing ora bener, ora a sugih kae le penting bisa ngurmati lan gemati marang kowe le, karo awakku iki minangka gantine makmu” wicaraku dawa banget” “iya mak... bocahe apik kok kanggoku, pancen ora ayu-ayu banget mak, nangging ya bisa gawe atiku adem mak” yawis menawa kowe wis ngrasa kaya mengkono, apa kowe wis pancen arep seneng tenanan?” iya mak aku arep temenan karo sing jenenge Siti iki, mulakna mak... sesuk tak jaki mara ing omahe sakperlu nglamar bocahe mak” “nha apa kowe dhuwit wisan le? Sing kirane cukup kanggo kabeh kaperluanmu kuwi?” “iya mak wis ana, sak liya tak gawe kebutuhan omah kene, dhuwit le aku kerja ya tak singkirake, tegese aku duwe tabungan. Ora ketang embuh sepira”. Yawis sesuk tak ning mbah Badi gawe takon dina kang apik kanggo kowe ngger karo bakal bojomu.
Dinane Setu Wage, surya kaping 17 wulan Agustus acara ngantenane Aris lan Siti bakalan kedadeyan. Kabeh wis dicawisake saka slametam tumekane ijab. Iya aku sing pontang panting, mrana mrene golek kabeh kabutuhane. Syukur wis gari sedina maneh tumekane gonge acara ngantenane putuku.
Awit saka isuk omah ana kene sajak rame terus, swara gendhing sing diwiwiti saka kaset, lan kumpule kluwarga. Anakku lima ya teka kabeh, sing ya mung siji slamet, anak pertamane aku sing nglairake bocah bagus sing saiki lagi arep ngantenan iki sing ora bisa teka, sesek dadaku menawa al pikir, nanging ah... luweh.
Rasane ati sumedhal ora karuan nalikane aku nyawang paesane putu lanangku, Aris iya Aris. Katon gagah sak klebat irunge kaya Mbokne, Embokne sing wis kira-kira rongpuluh taun luwih ora nyawang baguse, ora ngrasaake tangise, ora ngumbahi ompole, kabeh ya dadi Aku, Aku sing ngantekake posisine.
Sak bubare kabeh wis kalampahan, aku lega ananging ana saperangan bab kang gawe  aku langsung nangis ora kalintang, iya iku nalikane aku kelingan marang anak wadonku sing anake lagi ijab iki, satemene ana ing endi parane, dene bapakne iya ora bisa ngrumati dening dina sing paling dianti anake, piye maneh sewulan kepungkur Taris sing ora liya bapakne Aris, kudu rawuh marang ngarsane Gusti Allah amarga lagi kerja dadi kenek anak ing salah sjining montor malah ketrabak batire, ndilalah wis ora kena dislametake nyawane, Aris.. putuku lanang wis ora duwe sapa-sapa maneh, dadi bocah yatim, Ibune ya embuh ana ing ngendi. Menawa perkara kabeh iki tak pikir rasane awak iki ora kuat, lemes dedes, ngadepi kasunyataning urip kang kudu dilakoni putuku kok jan ora umum. Anannging wis lah kabeh wis digarisake dening sing kuasa. Manungsa amung bisaa ngakoni, amarga ing donya iki ora ana sing dilakoni tanpa pepalang, seje menungsa seje cobane, wislah aku pasrah mugaa putuku kae, bubar iki bisaa oleh kartikaning ngaurip, bisa urip kepenak bareng karo anak bojone, mak plong atiku rada adem.
Wis ameh setaun anggone putuku omah-omah karo sing jenenge Siti, syukur Siti wis ngandut sedelok maneh, aku bakale ya momong anake Aris, senajan ora saomah, ananging saben dinane Aris Rutin teka ing omahku, ora ketang gawa tempe salojor utawa kuban saunting ananging iku kabeh wis nisa gawe seneng atiku den putu lanangku ora lali maramg aku arepa wis duwe bojo, wis omah-omah dhewe.
Atiku wis seneng nganggo banget nalikane dina Kemis Legi pas kandutane Siti genep sagang sasi sepuluh dina, pungkasane Siti bisa nglairake bayi wadon kanthi waras. Aku saiki wis ora tau dodolan ana ing bunderan maneh, amarga Aku kudu njaga bayi wadon iki, niyatane arep nunggoni ngelingi umurku sing wis tuwa, ora duwe tanggungan anak maneh, wis wareg sing mangan rupa-rupa memalaning ngaurip. Kasunyatane Aris lan Siti gemati marang Aku. Saiki Aku saomah karo Aris karo Siti, Aris kuwi pancen amung putuku, ananging tibane rasa tresnaku tiba marang Aris, amarga Aris kuwi wis ora duwe bapak lan ora duwe ibu iya mung aku, siji-sijine wong tuwa sing diduweni Aris, putu lanangku.
Wis tiba ing mangsane, wis surup dening umure sore kuwi Aku wis ora bisa celathu maneh, Sawise Ira anake Aris lagi bubar puput, disusul Aku, Yu Karti sing kudu puput, muputi umurku, wis tatas kabeh kewajibanku anggonku among putu, wis tiba mangsane aku nyawang saka alam sing beda alam baka kana. Ngger putuku aku pamit, sowan ing ngarsane Gusti Allah.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar