Senin, 30 November 2015

Kanca

Kanca iku wong kang nangikna
Rikala awake tiba
Kanca iku wong kang nuntun
Rikala buntung
Kanca iku wong kang menehi guyu
Ing sajroning tangis
Kanca iku wong kang menehi urip
Ing sajroning pati

Nanging saiki, , , ?

Tangnamu kang nggawe nangikna
Sikilmu kang gawe nuntun
Guyumu kang nguripke
Ilang, , ,
Di untal marang obahe dunya
Kanca-kancaku
Apa tah sliramu nandang sengsara kang padha
marang kancamu iki ?